Cah Enom nang Tegal Kiyé Suksés Bisnis Susu Kambing Etawa Senajan Tunarungu

Konten Media Partner
20 Oktober 2022 16:25 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Pemuda asal Desa Kabukan Kecamatan Tarub Kabupaten Tegal sukses menggeluti bisnis pemerahan susu kambing Etawa.
zoom-in-whitePerbesar
Pemuda asal Desa Kabukan Kecamatan Tarub Kabupaten Tegal sukses menggeluti bisnis pemerahan susu kambing Etawa.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL – Bocah enom sing arané Hasyim seka Désa Kabukan, Kecamatan Tarub, Kabupatén Tegal nduweé kisah inspiratif. Bocah enom 31 taun kiyé suksés njalakna bisnis meresi susu kambing etawa, senajan dhéwéké tunarungu.
ADVERTISEMENT
Maring PanturaPost, Hasyim nyritakna kepibén nglakokna bisnisné. Dhéwéké ngungkapna, usaha kuwé wis dirintis sajegé taun 2015. Wektu kuwé, dhéwéké mung nduwéni wedhus enem. Nganti akhiré saiki wedhusé wis dadi puluhan.
“Saiki wis nduwéni 52 wedhus Peranakan Etawa yakuwé 1 wedhus lanang lan 51  wedhus wadon,” ungkapé maring PanturaPost nang umahé, dina Rebo (19/10/2022). Nggo ngampangna komunikasi, wawancarané nganggo bahasa isyarat lan nganggo alat bantu.
Anak kelima seka pasangan Mustofa lan Khoimah kiyé ngaku sadina produksi susu wedhusé rata-rata bisa nganti 40 liter. Hasil susu wedhus kiyé dikirim nggal minggu maring Yogyakarta nggo didadékna susu bubuk wedhus.
“Yén sing dikirim maring Yogyakarta rega sa literé didol Rp 24 éwu. Tapi nggo wong-wong kéné didol Rp 19 éwu sa liter,” jaréné.
ADVERTISEMENT
Wektu ngelola usahané, Hasyim diréwangi daning wong siji sing tugasé meresi susu. Meresé sadina ping pindo. Yakuwé ésuk lan soré.
“Sadinané wedhusé diwéin panganan suket lan ampas tahu sadina ping telu, ampas tahu fungsiné ébén produksi susuné tambah akéh,” jaré Hasyim.
Waktu ditakonu omzet rata-rata sadinané Hasyim ngungkapna, sadinané dhéwéké bisa ngesaki duwit Rp 760 éwu. Nggo biaya operasional sadinané sekitar Rp 200 éwu.
Mustofa bapa kandungé Hasyim nyritakna, senajan anaké nduwéni kekurangan, tapi cerdas nemen lan nggawé bangga.
“Pertama pisan nyong maraih usaha kiyé, nyong ngaseng maring salah siji peternak wedhus nang Pagongan Tegal. Mung sapisan Hasyim ngileng dhéwéké langsung paham lan nyong tukuna wedhus enem,” ungkapé Mustofa.
Mustofa ngrasa syukur nemen anaké bisa suksés njalakna usaha kiyé. Dhéwéké ngarep-arep, apa sing dilakoni anaké bisa mékena manfaat maring lingkungan sekitar. Kaya mbuka peluang lapangan kerja nggo masarakat. (*)
ADVERTISEMENT