Celeng Ngamuk nang Brebes lan Nyeruduk Wong Telu

Konten Media Partner
28 Mei 2022 21:03 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Warga menangkap babi hutan yang menyerang warga Bantarkawung, Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
Warga menangkap babi hutan yang menyerang warga Bantarkawung, Brebes.
ADVERTISEMENT
BREBES - Nang Désa Ciomas, Kecamatan Bantarkawung, Kabupatén Brebes, ana babi hutan alias céléng ngamuk lan nyeruduk wong telu, dina Jemuah (27/5/2022) wingi. Gara-gara kedadénan kuwé, telu warga kuwé ngalami luka parah.
ADVERTISEMENT
Nggo warga sing dadi korban serangan céléng neng antarané Wiharno (76), Kasmanto (65), lan Rustam (26). Keteluné diplayukna maring Rumah Sakit paling perek merga ngalami luka neng bagian sikil lan tangané.
Kapolsek Bantarkawung, AKP Hasari ngomong, kedadénan céléng nyerang warga kiyé kedadén sekitar jam setengah sepuluh awan. Dhéwéké diserang céléng pas lagi mémé jagung.
"Pas kuwé, warga sing arané Rustam lagi mémé jagung nang ngarep umahe, ujug-ujug teka céléng lan nyerang mbabit. Selanjuté céléng nyerang Kasmanto latané nyerang Wiharno," jaré Hasari.
Wiharno ngalami luka naleng mata sewelah kiwa lan pendarahan, uga kémpol sikil kiwa bengkak. Sementara, Kusnanto ngalami luka neng kémpol kiwa suwek kurang luwih 15 cm. Rustam ngalami luka neng bagian tungkak sewelah kiwa.
ADVERTISEMENT
"Ke telu korban digawa maring puskesmas Bantarkawung nggo dirawat lan diobati. Nggo penanganan luwih lanjut ke telu korban dirujuk maring RSUD Bumiayu," ungkapé.
Sawisé kedadénan kuwé, warga ramé-ramé nangkep céléng kuwé. Ngantikan céléng sing ukurané segedhé wedhus Jawa kuwé, akhiré mati.
Gara-gara kedadénan ana céléng nyerang kuwé, Kapolsek ngandani maring warga nggo luwih ati-ati. Sebab, kondisi Désa Ciomas perek-perekan karo alas pinus. Mugané, akéh céléng utawané kéwan liar liyané sing manjing maring aréa pemukiman warga.
"Dhéwék njaluk warga nggo ngati-ati pas lagi aktivitas, soalé lokasi Désa Ciomas perek karo alas sing ésih akéh kéwan buas lan liar," pungkasé. (*)