Cerita Letkol Untung: Digembori Copet, Mencolot seka Bis, Ditangkep nang Tegal

Konten Media Partner
2 Oktober 2020 20:25 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Letkol Untung dalam Mahmilub atas keterlibatannya dalam G30S/PKI. (Foto: Wikipedia)
zoom-in-whitePerbesar
Letkol Untung dalam Mahmilub atas keterlibatannya dalam G30S/PKI. (Foto: Wikipedia)
ADVERTISEMENT
Kabure Komandan Batalyon I Tjakrabirawa sing mimpin G30S/PKI, Letnan Kolonel (Letkol) Untung Sutopo bin Syamsuri mentog nang Tegal tanggal 11 Oktober 1965. Apes nemen nasibé, sawisé digembori copet, Untung kepaksa mencolot seka bis sing lagi jalan banter.
ADVERTISEMENT
Sejarawan Pantura Wijanarto ngungkapna, seka Jakarta, Letkol Untung sabeneré pan maring Brebes nggo umpetan, sekalian njaluk perlindungan.
"Untung niaté pan mudun nang Brebes, soale nang Brebes ana klompok pendukung PKI sing siap mapag lan nglindungi dhéwéké lawasé minggat" ungkapé Wijan, dina Kemis (1/10/2020).
Untung nglakoni perjalanané nggunakna bis "Mudjur" via Jalur Pantura. Tapi pas kuwé bis sing ditumpakiné kebablasan anjog Terminal Tegal. Nang kene o Untung digembori copet.
Versi liyané nyebut, wayah nang Terminal Tegal, Letkol Untung weruh ABRI sing pan mriksa penumpang bis. Weruh razia kuwé, Untung gagiyan mudun nganti disruwangi copet. Untung mencolot seka bis lan kejedug tiang nang pinggir pantura. Dhéwéké ngalami luka nang mata kiwané, tiba nganti akhiré dicekel.
ADVERTISEMENT
"Dhéwéké latané digawa maring Kantor Désa Kemandungan. Diperiksa identitasé, sawisé keungkap latané digawa maring kantor CPM Tegal," jelasé Wijan.
Uga ana sing ngomong, sawisé ditakoni pirang-pirang daning Lurah Kemandungan, Untung sempet disotna. Kiyé berkat Damiri, sing mbatiri Untung lawasé minggat sing ngaruhi lurahé ebén Untung gagiyan disotna soalé laka bukti.
Sawisé disotna, Untung nutugna perjalané lan anjog nang Dlanggung Asem Tiga lan ngleboni umahé salah siji warga. Nang kéné dhéwéké nambani luka nang mata kiwané.
"Embuh merta ana warga sing lapor, nang perkampungan kiyé o Untung dicekel maning latané diwékena maring kantor CPM Tegal," ungkapé Wijan.
Sawisé anjog nang Kantor CPM Tegal, Komandané pas kuwé M. Isa, langsung ngebell Danrem Cirebon, AJ Witono. Kiyé mertimbangna ari pas kuwé Jateng yakuwé basis abang.
ADVERTISEMENT
"Basis abang yakuwé akehé pengikut lan simpatisan PKI. Soalé pas kuwé akéh kuli nang pabrik gula utawané pabrik liyané sing manjing organisasi Sobsi sing yakuwé afiliasi seka PKI," omongé Wijan.
Sawisé Untung diwékena maring Markas Korem Cirebon, dhéwéké ketemu Kolonel AJ Witono. Wijan njelasna, ana kedadénan lan kandha-kandhanan sing seru antara wong loro kuwé, soalé wis padha-padha kenal. Malah, sadurungé peristiwa G30S/PKI, Witono lan Untung menangi ketemu nang Bandung.
Witono ngomong karo Untung ari dhéwéké pan maring Jakarta nang tanggal 1 Oktober 1965 andon luruh pilem nggo ramékna peringatan Hari ABRI sing tiba nang tanggal 5 Oktober.
"Untung nyambut apik, malah nawani Witono nginep nang mess Tjakrabirawa. Tapi Witono mbatalna niaté kuwé merga wong sing luruh pilem lagi lelungan," ungkapé Wijan.
ADVERTISEMENT
Sawisé ditahan nang Cirebon, Untung latané digawa maring Jakarta nggo ngadepi peradilan militer karo tuduhan dadi utek penculikan lan pembunuhan pitung perwira TNI AD nang G30S/PKI.
Nang taun 1966, Mahkamah Militer Luar Biasa (Mahmilub) nyatakna Letkol Untung duwé salah lan dhéwéké nglakoni ukuman mati nang Cimahi, Jawa Barat. (*)