Desa nang Tegal Kiye Nyiapna Villa Papat Nggo Ngarantina Wong Mudik

SLAWI – Pemrentah Desa Rembul, Kecamatan Bojong, Kabupaten Tegal nyediakna patang villa nang area wisata Lembah Wulan nggo ngarantina peranto sing nembe balik seka kota.
"Wisata Lembah Wulan lagi dibangun daning Pemdes Rembul. Kebeneran ana patang villa sing wis dadi. Villa kuwe dhewek dadekna tempat karantina," ujare Lurah Rembul Ibnu Efendi maring PanturaPost.com, dina Minggu (26/4/2020).
Upaya kuwe cocog karo anjuran pemrentah pusat, sing saben desa kudu nyediakna tempat karantina utawa ruang isolasi nggo wong mudik. Nggo jaga-jaga eben virus corona ora nyebar nang warga desa. Tapi nganti saiki wong mudik, isolasi mandiri nang umahe dhewek-dhewek.
"Peranto sing wis balik maring Desa Rembul kecatet 487 wong. Kabeh waras lan bisa kumpul karo keluargane," ungkape.
Deweke negasna, pihake uga mbentuk relawan lawan COVID-19 sing tugas nyosialisasikna langkah-langkah nggo nyegah COVID-19. Kaya ndirikna posko, nyemproti disinfektan nang tempat umum, niliki wong-wong mudik mbari kerja sama karo tim medis kesehatan sing bidan desa lan puskesmas.
Saliane kuwe, Pemdes uga mbageni masker lan ngejak masarakat umum terus urip waras. (Panji)
-----
Simak panduan lengkap corona di Pusat Informasi Corona.
-----
Yuk! bantu donasi atasi dampak corona.
