Dimasak karo Wedhi, Kiye sing Arané Krupuk Antor Khas Tegal

Konten Media Partner
1 Maret 2021 19:02 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kerupuk antor. (Foto: Ana Lainda)
zoom-in-whitePerbesar
Kerupuk antor. (Foto: Ana Lainda)
ADVERTISEMENT
SLAWI — Kaya déné Sidoarjo sing nduwéni krupuk urang sing khas, Tegal uga nduwé kerupuk khas sing biasa diarani krupuk antor. Krupuk antor yakuwé krupuk sing diwéin bumbu semu coklat.
ADVERTISEMENT
Nang Tegal, krupuk antor sering diarani uga karo krupuk badeg. "Badeg" neng basa Jawa kuwé artiné "kotor" soalé krupuk antor nduwéni warna dasar putih utawa uga ana sing werna-werni lan diluméri bumbu semu coklat mugané duwé kesan klopot daning bumbu.
Krupuk antor digawé seka bahan dasar bodin. Prosés gawé krupuk antor rada unik soalé krupuk sing wis dipé ngantikan garing ora digoréng karo lenga klentik. Tapi nganggo wedi utawa dioséng-oséng. Wedhi sing dienggo wayah prosés penggorengan jelasé wedi sing wis disortir lan kejamin kebresihané.
Tutugané krupuk diwéin bumbu sing warnanan ireng semu coklat ngantikan pekat. Selot pekat bumbu mengko pan selot énak rasa krupuké. Soalé, bumbu kuwé ngasilna campuran rasa manis lan gurih sing gamben nang cangkem. Mugané gawé nambah enak rasa krupuk antor sing khas.
ADVERTISEMENT
Krupuk antor bisa ditemokna nang pasar-pasar tradisional sing ana nang daérah Kabupatén lan Kota Tegal. Bisa uga teka langsung maring tempat sing nggawéni krupuk antor sing ana nang daérah Harjosari Lor, Harjosari Kidul, Ujungrusi, Pagedangan, lan Penarukan.
Rega krupuk antor kejangko nemen molai seka Rp 5.000 pérak per bungkus dicocogna karo ukurané. Krupuk antor nggo olih-olih sing wajib wayah mampir maring daérah Tegal.
Saliyané rasané sing gurih lan énak, krupuk kiyé uga énténg, tahan suwé. Lan pastiné endép kolesterol soalé prosés gawéné ora digoréng karo lenga, tapiné dioséng-oséng karo wedi mugané apik nggo keséhatan. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz