Dinyana Supire Ngantuk, Bis Mblandrang Énggal Nyemplung Kali nang Pekalongan

Konten Media Partner
26 Mei 2021 15:44 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bis PO Haryanto sing plat nomeré B 7156 VGA méh baé nyemplung maring kali lubar nyrudug brug nang Gili Gedhé Bojong, Kabupatén Pekalongan, dina Slasa (25/5/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Bis PO Haryanto sing plat nomeré B 7156 VGA méh baé nyemplung maring kali lubar nyrudug brug nang Gili Gedhé Bojong, Kabupatén Pekalongan, dina Slasa (25/5/2021).
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
PEKALONGAN — Bis PO Haryanto sing plat nomeré B 7156 VGA méh baé nyemplung maring kali lubar nyrudug brug nang Gili Gedhé Bojong, Kabupatén Pekalongan, dina Slasa (25/5/2021). Bis sing ngalami kecelakaan tunggal nyrudug adang-adang brug kiyé dinyana merga supir sing huruf ngarepé NK (46) ngantuk.
ADVERTISEMENT
"Kedadénan sekitar jam lima ésuk. Kiyé kecelakaan tunggal lan disebabna merga supiré ngantuk," jaré Kapolrés Pekalongan AKBP Darno metung Kasat Lantas AKP Harman Rumenegge Sitorus.
Bis PO Haryanto kuwé méh baé nyemplung maring njero Kali Duwet, Kecamatan Bojong Pekalongan, AKP Harman, negasna gara-gara supiré ngantuk dadi bisé mblandang.
Senajan kaya kuwé, AKP Harman mastikna laka korban jiwa seka kedadénan kuwé. Kecelakaan kuwé mung mbodholna bodi bis PO Haryanto.
Dhéwéké ya ngandani maring kabéh masarakat nggo ngati-ati wayah njalakna kendaraan nang gili gedhé. Patuh karo rambu-rabu lalu lintas lan marka dalan, perhatikna arus lalu lintas nang sekitar lan perhatikna uga wates banteré kendaraan.
"Angger kesel, arip utawa malah lagi lara, lirén disit baé. Aja dipaksa ébén gagiyan cepet anjog tujuan," tuturé. (*)
ADVERTISEMENT