Dishub Brebes Pan Nertibna Odong-odong sing Ngompréng nang Gili Gedhé

Konten Media Partner
16 Januari 2021 21:03 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Dishub Brebes bersama Satlantas Polres Brebes melakukan sosialisasi kepada omprengan atau angkutan odong-odong agar tak beroperasi di jalan umum.
zoom-in-whitePerbesar
Dishub Brebes bersama Satlantas Polres Brebes melakukan sosialisasi kepada omprengan atau angkutan odong-odong agar tak beroperasi di jalan umum.
ADVERTISEMENT
BREBES — Dinas Perhubungan (Dishub) Kabupatén Brebes saiki lagi pan nertibna odong-odong sing saiki dadi ompréngan nang dalan umum utawa gili gedhé. Anané odong-odong uga diangluhna supir-supir angkot nang Brebes.
ADVERTISEMENT
Saliyané kuwé, odong-odong ora menuhi persyaratan layak dalan lan nrawasna penumpang angger dioperasikna nang dalan umum.
"Dhéwék wingi uga wis audiénsi bareng karo supir angkot lan jajaran Polsék Jatibarang kekait keluhané supir angkot merga raméné angkutan odong-odong. Dhéwéké terus upayakna bareng nggo nyosialisasikna aturan kuwé," omongé Kepala Bidang Lalu lintas Dishub Brebes, M. Reza Prisman, dina Jemuah (15/1/2021).
Dhéwéké ngungkapna, angkutan odong-odong tetep diolihna jalan tapi nang tempat khusus utawa nang nggon wisata.
"Olih odong-odong operasi, nggo-padhan nang tempat sing wis ditentukna, kaya nang lokasi wisata utawa nang désa kononan. Contoh, bisa baé nang kawasan pantai Randusanga Indah. Nang kana monggo operasi. Angger nang dalan umum. Sesuai karo aturan ora diolihi soalé jenis angkutan odong-odong ora kanggo nggo operasi nang dalan umum," ungkapé.
ADVERTISEMENT
Malah, pihaké wis nekani brengkel sing nggawéni angkutan odong-odong nggo ngandegna produksi kendaraan umum ilégal kuwé. "Dhéwék uga wis nekani brengkel produksiné ping kopang-kaping. Soalé odong-odong kiyé nglanggar rong poin pelanggaran, yakuwé overload lan overkapasitas," jaréné.
Réza nyebut, nggo penertiban angkutan odong-odong kiyé kudu nglibatna penegak hukum kaya Satlantas lan Satpol PP. Satpol PP nggo penegakan hukum karo produksi. Lah, angger Satlantas nggo penertiban oprasi angkutan odong-odong.
"Pancén Dishub ora nduwéni kewenangan nggo penindakan lan mung sewates sosialisasi aturan. Tapi bareng pihak kekait dhéwék upayakna penertiban bareng," pungkasé.
Anané odong-odong sing sokané oprasi nang dalanan umum akhir-akhir kiyé diangluhna supir-supir angkot. Malah, anané odong-odong diniléné nggawé pendapatan supir-supir angkot mlorod ngantikan 70 persén.
ADVERTISEMENT
"Odong-odong sing operasi nang dalan umum nggawé dhéwék amsyong. Penghasilan mlorod sing sadina olih Rp 100 éwu dadi Rp 30 éwu," omongé Ketua Koordinator Paguyuban Sopir Angkot Brebes, Taufik (60) .
Supir angkot pada ndesek Dishub Brebes ébén angkutan odong-odong sing ora nduweni ijin trayék kiyé ditertibna. Jaréné, saliyané ora layak jalan lan ora nduwéni ijin trayék, rata-rata angkutan odong-odong uga dirubah seka kendaraan bodong alias ora nduwéni surat kendaraan pepek.
Supir angkot seka pitung paguyuban kiyé ndesak Dishub Brebes ébén pada tegas karo anané angkutan bodong kiyé. Supir-supir kuwé pada operasi nang pitung trayék, yakuwé Brebes-Jatibarang, Jatibarang-Slawi, Jatibarang-Balapulang, Jatibarang—Margasari, Jatibarang-Kebugadung, Jatibarang-Tegalurung, lan Jatibarang-Songgom.
Belih mung supir angkot, warga uga pada ngangluhna anané odong-odong nang dalan umum sing dianggepé ngganggu. Jaréné Yanto (45) warga Jatibarang, odong-odong kiyé sokané pada operasi nang dalanan umum, dalan Kabupatén, dalan provinsi, malah dalan pedesaan. Angkutan odong-odong malah bebas operasi nang endi baé karo penumpang usel-uselan ora nerapna protokol keséhatan.
ADVERTISEMENT
"Akéh nemen wira-wiri nang dalan umum. Usel-uselan uga. Odong-odongé kadang ngangkut penumpang wayah acara pengajian, hajatan, lan plesiran," jelasé. (*)