Ditinggal Jum'atan, Mobil nang Brebes Dibobol Maling, Laptop Ilang

Konten Media Partner
16 Oktober 2021 18:47 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Mobil sing lagi ditinggal solat Jumat nang Brebes dibobol maling pas dina Jemuah, 15 Oktober 2021.
zoom-in-whitePerbesar
Mobil sing lagi ditinggal solat Jumat nang Brebes dibobol maling pas dina Jemuah, 15 Oktober 2021.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES - Mobil sing lagi ditinggal Jumatan utawa Shalat Jumat nang Brebes dibobol maling pas dina Jemuah, 15 Oktober 2021. Korbané yakuwé Edwin (54) warga seka Yogyakarta. Laptop siji lan berkas-berkas pegawéan ndéké dhéwéké ilang digondol maling.
ADVERTISEMENT
Kedadénan kuwé wayah korban lagi Jum'atan nang Masjid Al-Amin pinggir Pantura manjing Désa Pebatan Kecamatan Wanasari. Mobilé korban sing diparkir nang sebelah masjid kaca ngarep sewelah kiwané pecah daning maling.
Laptop sing ana nang ngingsor jok ngarep sewelah kiwa ya ilang. Dhéwéké ya latané nglaporna kedadénan maring Mapolsek Wanasari.
"Nyong mau kas Jum'atan, pancén nyong sering Jum'atan nang masjid kiyé. Soalé pancén nyong ana pegawéan nang Brebes. Wayah balik maring mobil koh kaca ngarep sewelah kiwa mobilé nyong pecah. Nyong ya langsung priksa jebulé laptop karo berkas pegawéané nyong ilang," omongé Edwin nang lokasi kedadénan.
Dhéwéké nyebut, angger situasi sekitar masjid wayah Jum'atan ramé. Edwin ya héran karo blai sing nibani dhéwéké.
ADVERTISEMENT
"Situasi nang kéné kan ramé, sebelahé jalan Pantura uga. Nang masjid uga akéh wong," jaréné.
Let ana limalas menit, anggota Polsek Wanasari teka nang lokasi kedadénan. Dhéwéké langsung njaluki keterangan maring korban lan pirang saksi-saksi. Nggo selanjuté nglakoni olah TKP. (*)