Konten Media Partner

Eben Laka Wong pada Nongkrong Wayah PSBB, Lampu PJU nang Kota Tegal Disirep

26 April 2020 21:42 WIB
comment
1
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
PJU nang Kota Tegal disirep eban laka wong pada nongkrong wayah PSBB.
zoom-in-whitePerbesar
PJU nang Kota Tegal disirep eban laka wong pada nongkrong wayah PSBB.
ADVERTISEMENT
TEGAL – Pemkot Tegal molai ngambani aturan nyirepna lampu Penerangan Jalan Umum (PJU) nggo nyegah wong pada nggrombol nang pinggir dalan, dina Saptu (25/4/2020). Langkah kiye dilakokna nggo ngindangi nyebare COVID-19.
ADVERTISEMENT
Angger sadurunge lampu disirepna mung nang dalan protokol, saparo dalan nasional utawa pantura jeroneng kota, saiki tambah amba nganti maring dalan lingkungan nang saben kelurahan sasuwene Penerapan Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) .
Kepala Bidang PJU Dinas Pekerjaan Umum dan Perumahan Rakyat (DPUPR) Sudjatmiko, ngungkapna pihake wis ngatur ulang waktu murube lampu nang dalan kampung utawa lingkungan kelurahan. Angger sadurunge murube total, diatur ulang mung murube jam sepuluh bengi nganti tengah enem esuk. Artine kawit surup nganti jam sepuluh bengi PJU pan sirep.
"Mau awan wis anjog nang wilayah Kecamatan Margadana. Utamane nang pinggire dalan Pantura. Nggo dalan penghubung lan lingkungan murub molai jam sepuluh bengi," omonge Sudjatmiko, wayah dibell, Saptu (25/4/2020) .
ADVERTISEMENT
Sudjatmiko ngungkapna, wis atusan lampu PJU disirepna malah kawit isolasi wilayah nganti PSBB. "Nggo dalan utama, pusat kota lan pusat rame-rame sirep Total. Kaya koloman alun-alun, dalan sing nugel kota, lan dalan Pantura jeroneng kota," omonge Sudjatmiko.
Sudjatmiko nambahi, disirepe PJU yakuwe instruksi sing Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kota Tegal nggo nyuksesna program social distancing lan physical distancing.
"Tujuane nggo mbatesi gerakane lan aktivitase warga. Gadine kelakon physical lan social distancing. Mesti karo arep-arep nyebare virus COVID-19 bisa dipetek lan dikurangi," ujare Sudjtmiko.
Sudjatmiko ngarep-arep, wabah COVID-19 gagiyan wisan. Utawa paling ora karo disirepe lampu kiye bisa nekan tingkat nulare COVID-19. "Muga-muga kondisi gagiyan mipil apik. Gadine PJU pan dirubna utawa dinormalkan maning," pungkase.
ADVERTISEMENT
Wali Kota Tegal Dedy Yon Supriyono sadurunge nyampekna, karo disirepe lampu kiye diarep-arep bisa ngurangi aktivitas warga sing kurang penting. Kaya ngetem nang pinggir dalan. "Sing jelas harapane bisa nggo mbatesi ruang gerake warga. Termasuk lampu dhewek sirep nggo mbatesi umpamane bocah enom eben ora nogkrong-nongkrong. Angger peteng kan ora kepenak gadine milih meneng nang umah," pungkase Dedy. (Panji Bachtiar)