Konten Media Partner

Gara-gara BBM Mundak, Rega Beras nang Pasar Pagi Tegal Mélu Mundak

9 September 2022 20:00 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bakul beras nang Pasar Pagi, Faturofik wayah nimbang beras.
zoom-in-whitePerbesar
Bakul beras nang Pasar Pagi, Faturofik wayah nimbang beras.
ADVERTISEMENT
TEGAL – Gara-gara rega BBM mundak, saiki rega kebutuhan pangan uga mélu mundak, dina Kemis (8/9/2022). Salah sijiné rega beras sing molai mundak nang Pasar Pagi Kota Tegal. Mundaké kisaran Rp 500 tekan Rp 1.000 sa kiloné.
ADVERTISEMENT
Bakul beras nang Pasar Pagi, Faturofik, ngomong mundaké pirang jenis beras disebabna mundaké biaya transportasi.
“Rega pirang jenis beras mundak molai Rp 500 teka Rp 1.000 sa kilo,” jaré Faturofik, dina Kemis (8/9/2022).
Dhéwéké ngomong, saliyané tarif transportasi mundak, mundaké rega beras uga disebabna merga rega gabah garing neng tingkat produsén uga mundak.
"Rega gabahé neng petani uga infoné lagi mundak. Akibaté méh kabéh jenis beras pada mundak,” jaréné.
Disebutna, beras jenis C4 Super sing awalé Rp 8.500 sekilo, mundak dadi Rp 9.000 sekilo. Latané beras kwalitas médium mundak dadi Rp 10.500 seka awalé Rp 10.000 sekilo.
Sedengé mundaké beras paling duwur kedadén neng jenis beras kwalitas premium kaya Membramo lan Rojolele. Keloroné mundak dadi Rp 12.000 sa kilo utawa mundak Rp 1.000.
ADVERTISEMENT
Bakul beras liyané, Sunaryo ngomong mundaké rega beras mélu ngurangi omzét dodolané. Angger normalé bisa ngadol nganti 1 ton sa dina, akhir-akhir kiyé kurang dadi nganti neng kisaran 5 kwintal sa dina.
“Diperkirakna ésih bisa mundak maning regané. Saliyané merga ongkos transportasi mundak uga informasiné merga lagi ngurangé pasokan seka wilayah penghasil beras kaya seka Pemalang lan Cilacap,” pungkasé. (*)