Guru Honorér nang Brebes pada Nangis Gara-gara Ora Sida Dadi PPPK

Konten Media Partner
5 November 2022 18:29 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Guru honorér sing wis lulus passing grade pada nangis gara-gara ora sida dadi Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK).
zoom-in-whitePerbesar
Guru honorér sing wis lulus passing grade pada nangis gara-gara ora sida dadi Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK).
ADVERTISEMENT
BREBES – Guru honorér sing wis lulus passing grade pada nangis gara-gara ora sida dadi Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK). Atusan guru kuwé nggruduk Kantor Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga (Dindikpora) Kabupatén Brebes, dina Jemuah (4/11/2022) wingi.
ADVERTISEMENT
Dhéwéké pada protés gara-gara usulan formasi guru P3K seakéh 538 wong dibatalna. Informasi kuwé diolihi seka hasil Rapat Dengar Pendapat (RDP) Dirjen Guru lan Kependidikan Kemendikbud RI bareng karo Komisi X DPR RI, dina Kemis (3/11/2022) nang Senayan, Jakarta.
Per tanggal 2 November 2022 wingi, berkas usulan P3K Kabupatén Brebes ditarik. Disusul Kabupatén Jayawijaya Propinsi Papua.
Wayah PanturaPost ngileng, sekitar jam setengah sanga awan, atusan guru wis pada kumpul nang ngarep latar kantor Dinpora Kabupatén Brebes. Sawisé nyuarakan aksiné, dhéwéké pada shalawatan lan donga bareng-bareng njaluk ébén diwéin keadilan kekait hal kuwé.
Malah, ana guru sing nangis merga ngrasa perjuangan selama kiyé ilang gara-gara dibatalna.
“Nyong wis kerja dadi guru agama SD selama 18 taun lan lulus passing grade ujian P3KP3K taun 2021 wingi. Apa kiyé adil wis diusulna lan ujug-ujug usulané dibatalna (ditarik),” jaré Susilowati guru Pendidikan Agama Islam (PAI) SD Negeri 1 Lengkong kuwé.
ADVERTISEMENT
Jaréné, ora adil angger usulan sing wis diprosés anjog maring pusat ujug-ujug dibatalna. Padahal, sadurungé guru honorér sing wis lolos lan diangkat P3K tetep bisa diprosés.
“Bisané kiyé mung 538 wong sing wis lolos passing grade dibatalna. Wingi siny 2.000 wong bisa diangkat P3K. Apa bedané dhéwék karo dhéwéké, dhéwék wis berjuang nganti seadoh kiyé,” ungkapé. (*)