Kumparan Logo
Konten Media Partner

Heboh, Wong Wadon nang Pekalongan Konangan Lagi Mesum Karo Wong-wong

PanturaPostverified-green

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical
Kelakuan mesum kuwé dilakokna nang émpér ruko wayah bengi. Aksi kuwé ya dadi viral sawisé kerékam CCTV lan nyebar nang ngendi ora. (Foto: Istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Kelakuan mesum kuwé dilakokna nang émpér ruko wayah bengi. Aksi kuwé ya dadi viral sawisé kerékam CCTV lan nyebar nang ngendi ora. (Foto: Istimewa)

PEKALONGAN — Ana wong wadon nang Kabupatén Pekalongan dinyana mesum karo wong lanangan lan dilakokna genténan nang émpéran toko. Aksi kuwé ya dadi viral sawisé kerékam CCTV lan nyebar nang ngendi ora.

Vidio rékaman CCTV sing nudukna kelakuan mesum kuwé, salah sijiné diunggah nang Instagram daning akun @pekalonganinfo. Sawisé ditelusuri, jebulané kelakuan mesum kuwé kedadén nang ngarep ruko sing ana nang pinggir Jalur Pantura, Dalan Ahmad Yani, Kelurahan Bener, Kecamatan Wiradesa, Kabupatén Pekalongan.

Kelakuan mesum kuwé kerékam CCTV sing kepasang nang ruko. Salah siji karyawan ruko sing huruf ngarepé R (42) kuwé ngomong, kelakuan mesum kuwé kedadén pas dina Kemis (8/3/2021) bengi. Wong wadon kuwé diparani wong lanangan sing nganggo motor, lan genténan pada nglakokna mesum.

"Iya bener, kedadénané dina Kemis bengi. Wong wadon kuwé wis rong dina nggal bengi ana nang ngarep ruko kuwé," jaréné.

R nyritakna, wong wadon sing kerékam CCTV sadurungé ora tau ana nang kawasan ruko kuwé. Wong wadon kuwé mung katon lawasé rong dina wayah bengi. Informasi sing dhéwéké olih, wong wadon kuwé luwih sering mangkal nang brug wayah bengi.

"Dhéwéké wong nakal, ya katon seka penampilané. Angger seka iringan pakéané nyong belih ngarti, kan bengi belih katon, apamaning jam rolas bengi," jaréné.

Nggo ruko nang kawasan Dalan Ahmad Yani, jaré R, biasané tutup sekitar jam wolu bengi. Tapi nggo karyawan biasané balik sekitar jam telu soré. R ya ngaku ora kenal karo wong wadon sing kerékam nang CCTV kuwé.

"Ya ényong belih kenal lah karo wongé, kan mbené weruh. Apamaning pelanggané, nyong uga ora ngarti lah," jelasé.

Sementara kuwé, Kasi Opdal Satpol PP Kabupatén Pekalongan, Sunarso ngomong, lawasé patroli durung pernah nemu kedadénan kaya sing kerékam nang CCTV kuwé. Malah, nganti saiki pihaké durung nampa laporan resmi seka warga kekait kelakuan mesum kuwé.

"Ya dhéwék tetep préntahna anggotané nggo ngecék lokasi kuwé. Dhéwék uga wis patroli nang kawasan Pantura lan durung olihna hasil," tuturé.

Sunarso ngaku, saiki pihaké wis sokan nglakoni patroli wayah bengi. Lan laporan utawa keluhan sing sering dhéwéké olih seka warga yakuwé ngenani raméné bocah punk. Kekait laporan warga kiyé, dhéwéké ya wis nglakoni patroli lan nglakoni pembinaan.

"Laporan sing sering manjing soal bocah punk. Kiyé ya wis dhéwék lakoni penindakan," pungkasé. (*)