Jalan Ahmad Yani Kota Tegal Pan Digawé Kaya Malioboro, Anggarane Rp 12,1 Miliar

Konten Media Partner
31 Juli 2021 19:32 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Jalan Ahmad Yani Kota Tegal. (Foto: Irsyam Faiz)
zoom-in-whitePerbesar
Jalan Ahmad Yani Kota Tegal. (Foto: Irsyam Faiz)
ADVERTISEMENT
KOTA TEGAL — Kawasan Dalan Ahmad Yani, Kota Tegal délat maning pan disulap ébén mirip kaya Malioboro, Yogyakarta. Kepastian kuwé ana, sawisé proyék sing gedhéné Rp 12,1 miliar kuwé manjing prosés lelang onlén.
ADVERTISEMENT
Mengkoné, lokasi kuwé dadi kawasan sing kepénak nggo mlaku-mlaku. Warga uga bisa kumpul nyambi nyicipi panganan nang tengah suasanané kota.
Ketua Komisi III DPRD Kota Tegal, Édy Suripno njaluk ébén Pemkot gagiyan nglakoni sosialisasi maring masarakat. Termasuk njelasna dampak sosial sing nyembul sasuwénéng prosés penggarapan.
Jaréné Édy, proyék kuwé wis diunggah neng Layanan Pengadaan Secara Éléktronik (LPSE) nggo dilélang karo gedhéné anggaran tekan Rp 12,1 miliar.
"Anggaran kiyé lumayan gedhé nggo nata kawasan nang kawasan Dalan Ahmad Yani. Mugané dhéwék mékena catetan maring Pemkot," omongé Édy, ditemoni nang ruang kerjané, dina Kemis (29/7/2021).
Catetan sing dimaksud nang antarané mertimbangna dampak hubungan karo aksés pembangunan sing pan dilaksanakna. Soalé kawasan Dalan Ahmad Yani yakuwé poros ékonominé masarakat Kota Tegal.
ADVERTISEMENT
"Nang lokasi kuwé akéh nemen komponén masarakat, ana wong dagang, tukang parkir, sing duwé toko, wong tuku lan ana sa perusahaan sing lumayan gedhé karo jumlah karyawan sing akéh," jaréné.
Saliyané kuwe, jaré Édy, perlu ana rékayasa lalu lintas wayah prosés kuwé mlaku. Soalé ngantikan saiki pihaké durung ngarti.
"Rékayasa lalu-lintasé kuwé kayang apa? Kiyé kan dhéwék durung ngarti perencanaan seka pemréntah kota lan durung dikandakna karo DPRD," jaréné.
Dhéwéké ngomong, konsép awal tata-tata kawasan kuwé karo nyempitna dalan seka 14 méter dadi 6 méter.
Jaré jaréné, nang kawasan kuwé pan diisi karo wong dagang sing nggunakna food truck utawa dodolan sing nganggo kendaraan. Tapi ngantikan saiki pihaké durung ngarti jumlah wong dagang kaki limahan sing nduwéni food truck.
ADVERTISEMENT
Konon katanya, di kawasan itu akan diisi dengan pedagang yang menggunakan food truck. Namun hingga saat ini pihaknya belum mengetahui jumlah pedagang kaki lima (PKL) yang memiliki food truck.
"Perlu dhéwék élingna, proyék kawasan Dalan Ahmad Yani ora dibarengi karo fisibilitas, analis dampak sosial lan DED perlu disikapi. Soalé fisibilitas kuwé penting, soalé nang kana wis tukul pusat ékonomi," jaré Édy.
Aja kosih sawisé dibangun malah pusat ékonomi malah selot mrosod lan pan gawé macet mlakuné ékonomi. Pihaké nilé, pemréntah kota loss koordinasi karo parlemén.
"Soalé weruh-weruh wis diumumna nang LPSE karo anggaran Rp12,1 miliar lan sosialisasi maring masarakat sadawanéng Dalan Ahmad Yani seka pengamatané dhéwék durung dilakoni Pemkot," jaréné.
ADVERTISEMENT
Soale kuwé yakuwé kawasan ékonomi, dadiné fisibilitasé perlu nggo pertimbangan. Wayah laka, dadiné Pemkot kudu bisa njawab wayah mengko ana dampak ékonomi sing ditimbulna.
"Malah, ndéan bisa mbuka ruang nyumulé gugatan seka masarakat kekait karo kebijakan publik sing ora pas pelaksanaané kuwé," imbuhé. (*)