news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Jozeph Paul Zhang Jebulé Tau Sekola SMA nang Tegal, Niléné Biasa Baé

Konten Media Partner
22 April 2021 15:53 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Jozeph Paul Zhang.Foto: Dok. YouTube
zoom-in-whitePerbesar
Jozeph Paul Zhang.Foto: Dok. YouTube
ADVERTISEMENT
TEGAL Jozeph Paul Zhang (48) jebulé tau sekola nang salah siji SMA favorit sing ana nang Kota Tegal. Wong sing nduwéni aran asli Shindy Paul Soerjomoeljono saiki dadi buronan polisi merga kasus penistaan agama Islam.
ADVERTISEMENT
Staff TU bagian kearsipan SMA Negri 1 Kota Tegal Moh. Husni Effendi mbenerna informasi kuwé. Dhéwéké ngomong, Joseph lulus taun 1993 sawisé njukut jurusan Ilmu Pengetahuan Alam (IPA).
Hal kuwé dingerténi seka arsip sing rupané fotocopy surat ijazah Shindy Paul Soerjomoeljono sing ésih kesimpen nang ruang Kelas 3 IPA II.
"Atas nama Shindy Paul Soerjomoeljono tau sinau nang SMA 1 Tegal. Lulusan 1993. Jurusané tertera nang kéné IPA," jaré Husni, maring wartawan nang kantoré, dina Rebo (21/4/2021).
Husni nyebut, angger ngileng nilé nang surat ijazah kuwé, Jozeph Paul Zhang termasuk murid sing biasa-biasa baé neng hal akademis. "Angger ngileng nilé, sedengan baé," kata Husni.
Husni dhéwék ngaku ora ngarti nang endi alamat manggoné adong ésih sekola. Soalé, nang surat kuwé uga ora tertera alamaté.
ADVERTISEMENT
"Angger alamaté nyong ora ngarti. Soalé ora kecantum. Sawisé lulus infoné uga ora tau komunikasi karo sekola," jaréné.
Husni dhéwék ngaku durung pernah ketemu karo Jozeph Paul Zhang. Dhéwéké nembé nyambut gawé nang SMA 1 nang taun 2004 utawa sawisé Jozeph lulus nang taun 1993.
"Nyong manjing nang kéné taun 2004, utawa sawisé sing bersangkutan wis lulus seka kéné," omongé Husni.
Kaya dingerténi, posisiné Jozeph Paul Zhang sing ngaku dadi nabi ke-26 molai nemukna titik terang. Jozeph sing dadi buronan polisi wis lunga seka Indonésia nang 11 Januari 2018.
Kabag Humas Ditjén Imigrasi Arya Pradhana Anggakar ngomong, seka database perlintasan imigrasi, Jozeph dingerténi ana nang Hong Kong. Jozeph uga dudu aran asliné.
ADVERTISEMENT
"Nganggo dasar informasi seka database perlintasan Imigrasi, WNI atas nama Shindy Paul Soerjomoeljono, utawa sing dikenal masarakat dadi Joseph Paul Zhang, terakhir pisan ninggalna Indonésia nuju maring Hong Kong pas tanggal 11 Januari 2018," omongé Arya metung keterangané, dilansir seka Kumparan.com, dina Senén (19/4).
Arya ngomong, pihaké wis nyerahna data kuwé maring Baréskrim Polri nggo gawé gampang penyelidikan.
Sadurungé, Kabaréskrim Polri Komjén Pol Agus Andrianto ngomong, senajan Jozeph ana nang luar negri ora pan ngalang-ngalangi penyidikan. Pihaké pan nerbitna daftar DPO ébén Jozeph didéportasi. (*)