Kasus Vidio Azan Jihad nang Tegal, Pelaku Karo Sing Nyebar Dicekel Polisi

Konten Media Partner
9 Desember 2020 19:19 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kapolrés Tegal, AKBP Muhammad Iqbal Simatupang (tengen) wayah jumpa pérs nang Mapolda Jawa Tengah, dina Senen (7/12/2020).
zoom-in-whitePerbesar
Kapolrés Tegal, AKBP Muhammad Iqbal Simatupang (tengen) wayah jumpa pérs nang Mapolda Jawa Tengah, dina Senen (7/12/2020).
ADVERTISEMENT
TEGALPolisi akhire ngungkap vidio azan jihad sing viral nang media sosial, sing jebulé digawé nang wilayah Kabupatén Tegal. vidio kuwé dadi viral sawisé diunggah nang media sosial daning akun "AGUNG MUJAHID" karo durasi 1 menit 12 detik.
ADVERTISEMENT
Kapolrés Tegal, AKBP Muhammad Iqbal Simatupang, ngomong, vidio kuwé dirékam daning wong, nang acara pengajian nang Désa Dukuhturi RT 03/RW 02, Kecamatan Dukuhturi, Kabupatén Tegal nang dina Minggu (29/11/2020). Pas didokon nang medsos judulé "Seruan Jihad dari Tegal Dipimpin oleh Habieb Fadhil Asseggaf demi menjaga dan mengawal IB. HRS dan Habieb Hanif".
"Ana pirang dina winginané masarakat Tegal dihebohna karo anané vidio adan jihad. Masarakat sing was-was latané nglaporna vidio kuwé maring polisi nggo luruh ngarti ngenani bener apa orané. Kiyé yakuwé tindak pidana ITE penyebaran informasi sing nimbulna rasa wadhe utawa musuh-musuhan," jaréné lubar nggelar jumpa pérs nang Mapolda Jawa Tengah, dina Senen (7/12/2020).
Nindaklanjuti laporan kuwé, Iqbal nglanjutna, Satréskrim Polrés Tegal di-backup Subdit Jatanras Polda Jateng nglakoni upaya profiling karo sing duwé akun youtube "AGUNG MUJAHID".
ADVERTISEMENT
Hasilé, dingerténi identitas sing duwé akun, ketuduh pelaku sing nyebarna vidio sing huruf ngarepé JAK (43) warga Kelurahan Kertajaya, RT 03/RW XI Kecamatan Gubeng, Kota Surabaya.
"Nganggo dasar bukti sing cukup, petugas wis nglakoni penangkepan maring tersangka nang Surabaya. Tersangka dinyana nekad wis nglakoni tindak pidana nyebarna informasi sing nimbulna rasa wadhe utawa musuh-musuhan individu lan utawa klompok masarakat tertentu nganggo dasar aran suku, agama, ras lan antar golongan," ungkapé.
Nganggo dasar hasil pemeriksaan, tersangka JAK ngaku wis nyebarna vidio (adan jihad sing tempaté nang Tegal) sing diolihi seka grup whatsapp arané "PUAZ". Pelaku latané ngunggah nang akun Youtube ndéké dhéwéké karo tujuan nggo meinngartikna maring masarakat, ari wis ana sruangan jihad seka Tegal.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék wis priksa 6 saksi, 2 nang antarané saksi ahli yakuwé ahli basa lan ahli ITE, 4 liyané seka masarakat," jaréné.
Saliyane kuwé, polisi uga ngungkapna ari sing ngumandangkna Adan Jihad kuwé yakuwé warga sing arané Slamet. Lucuné, saiki sing bersangkutan wis dadi tawanan Sat Réskrim Polrés Tegal merga kasus Penipuan.
"Tersangka liyané yakuwé S utawa sing ngumandangkna adan wis dicekel merga kasus penipuan karo tuna tekan 125 Juta perak," jelasé.
Seka kasus kiyé, polisi nyita barang bukti sing rupané 1 HaPé Samsung A51 warna ireng, 1 HaPé Vivo S5 warna ireng lan 1 barang bukti éléktronik sing rupané Akun Youtube karo aran akun "AGUNG MUJAHID".
Gara-gara kasus kiyé, tersangka dijerat pasal 45 A ayat 2 jo pasal 28 A ayat 2 UU Nomer 19 Taun 2016 Ngenani ITE. Anceman ukumané yakuwé pidana penjara paling suwé 6 taun lan denda maksimal Rp 1 miliar. (*)
ADVERTISEMENT