Konten Media Partner

Kecelakaan Nang Tol Cipali, Enem Wong seka Tegal Melu Dadi Korbané

11 Agustus 2020 22:11 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Salah satu korban kecelakaan Tol Cipali tiba di Kabupaten Tegal. (Foto: Syaifullah)
zoom-in-whitePerbesar
Salah satu korban kecelakaan Tol Cipali tiba di Kabupaten Tegal. (Foto: Syaifullah)
ADVERTISEMENT
TEGAL - Ana enem wong Kabupatén Tegal dadi korban kecelakaan maut nang ruas Tol Cipali, tepaté nang Désa Ciwaringin, Kecamatan Ciwaringin, Kabupatén Cirebon, Jawa Barat, dina Senén (10/8). Seka enem korban kuwé, ana pasangan lanang-wadon (Pasutri), Suharjo (40) lan Warkonah (35) asalé seka Désa Bersole, Kecamatan Adiwerna.
ADVERTISEMENT
Sekitaréng jam 17.45 WIB, mayit pasangan lanang-wadon kiyé teka nang umah duka lan disambut tangisan kluwarga. Malah, wayah mayité digawa manjing maring umah duka, mboké korban klenger lan kudu dipapah maring kamar. Sementara, mayité Wakornah dikuburna nang lemah kelairané nang Désa Lembarawa, Kecamatan Jatibarang Brebes.
Mboké korban, Roinah (65) ngomong ari Harjo nang Jakarta nyambut gawé dadi bakul ketropak. Harjo balik maring kampung bareng karo bojoné nggo nekani pesta kawinan saduluré.
"Pol-polan balik ya 7 wulan sing disit. Badanan kan belih balik lan tembé dina kiyé rencanané balik. Tapi jebulé ana musibah," jaréné.
Roinah nangis lan klenger wayah jenazah anaké anjog nang umah. Roinah ya ora nyana angger musibah kecelakaan kuwé pan njukut nyawa anak lan mantuné.
ADVERTISEMENT
Nang dina Minggu (9/8) dhéwéké olih telpon seka anaké lan ngomong ari pan balik maring Tegal karo nggunakna travel. Suharjowa nyampékna karo mboké ari dhéwéké diperkirakna anjog Tegal, dina Senén (10/8) jam loro esuk.
"Dhéwéké mojar jaréné jam 2 anjog umah, tapi jebulé belih anjog. Soalé kuwatir akhiré nyong telpon dhéwéké. Jebulé wayah nyong telpon sing ngangkat polisi lan ngomong ari dhéwéké ngalami kecelakaan," ungkapé.
Rasa nelangsa uga dirasakna daning bapané korban, Ruja (70). Dhéwéké ora nyana ari anaké pan dadi salah siji korban kecelakaan maut sing kedadén nang ruas Tol Cipali. Apamaning, gara-gara pandemi COVID-19 kiyé, anaké mbené bisa balik maring kampung halaman.
"Ya soalé pan ngawina saduluré, liliké, dhéwéké balik. Tapi belih nyangka angger nang perjalanan ngalami kecelakaan. Dhéwéké duwé anak siji lan esih cilik nemen," jaréné.
ADVERTISEMENT
Sementara, korban liyané digawa maring desané dhéwék-dhewek. Kepapat korban sing ninggal dunya yakuwé pertama Putri Ainur Ifazah (18), asal Désa Meleten, Adiwerna. Loro, May Sri Korina (21) asal Désa Lumingser, Kecamatan Adiwerna. Telu, Rapiah (55), asal Désa Bersoleh, Kecamatan Adiwerna lan papat, Sugeng Raharjo (54) asal Désa Balapulang, Kecamatan Balapulang. (*)