Kelilit Utang Nékad Nggarong Motor, Sejoli nang Tegal Kiyé Dicekel Polisi

Konten Media Partner
5 Agustus 2021 20:43 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Sejoli  sing dadi tersangka kasus pencurian sepeda motor kiye ditakoni penyidik Satreskrim Polres Tegal Kota, Selasa (3/8/2021).
zoom-in-whitePerbesar
Sejoli sing dadi tersangka kasus pencurian sepeda motor kiye ditakoni penyidik Satreskrim Polres Tegal Kota, Selasa (3/8/2021).
ADVERTISEMENT
TEGAL - Sejoli sing huruf ngarepé RB (23) karo DR (23) dicekel Polres Tegal Kota. Cah loro kuwé dicekel gara-gara konangan nggarong motor sawulan nganti ana ping telu.
ADVERTISEMENT
Keloroné nggarong motor sing lagi diparkir nang latar kos-kosan. Selanjuté, motor hasil garongan kuwé didol karo cara diposting maring médsos.
"Tersangka kiyé nggarong ping telu. Siji nang Kota Tegal, lan ping pindo nang Kabupatén Tegal," omongé Kasatréskrim Polres Tegal Kota, AKP Syuaib Abdullah, dina Rebo (4/8/2021).
Syuaib njelasna, aksi rong sejoli kuwé kebongkar sawisé salah siji korbané, Dinda (19) laporan ari dhéwéké kélangan motor Honda Beat warna putih ning dina Slasa, 6 Juli 2021.
Kedadénan kuwé awalé pas Dinda bareng karo batiré mertamu maring kos-kosan sing ana nang Dlanggung Dadali, Kelurahan Randugunting, Tegal Selatan. Pas dhéwéké pan balik, motor sing diparkir nang émpér kos-kosan kuwé wis ilang.
"Dhéwék nindaklanjuti laporan kuwé lan bisa nangkep RB bareng karo taroké," jaré Syuaib.
ADVERTISEMENT
Seka keterangané tersangka, dhéwéké wis nggarong motor sawulan ping telu nang kos-kosan sing ana nang wilayah Kabupatén Tegal lan Kota Tegal. Pas nggarong lan ngedol, keloroné nglakokna bareng-bareng.
Neng adepan polisi, RB lan DR ngakoni kelakuané. RB ngaku, dhéwéké kepaksa nggarong motor gara-gara banjet merga utang bank. "Mbiyén nyambut gawé dadi supplier iwak, sajegé mandeg laka pegawéan maning. Khilaf, akhiré kaya kiyé. Sajegé sawulan wingi wis nyolong telung motor," omongé RB.
RB nambahi, telung motor hasil garongan kuwé diadol daning dhéwéké bareng karo taroké neng Facebook. Saben motor payu kekedol antara Rp 2 juta ngantikan Rp 5 juta.
"Duwité ora nggo seneng-seneng. Tapi nggo ngangsur utang bank," jaré RB.
Senajan kaya kuwé, RB lan DR sing wis pacaran lawasé sataun ngaku ngelom-ngelomi kelakuané. Malah RB lan DR ngaku ésih nduwé impénan masa depan luwih apik maning sawisé metu seka penjara.
ADVERTISEMENT
"Dhéwék kajogan, soalé kudu kaya kiyé lan dhéwék janji kiyé sing terakhir. Sawisé metu nyong pan ngawini taroké nyong nggo urip bareng luwih apik maning," omongé RB. (*)