Konten Media Partner

Kembang Goyang, Panganan Kuna sing Ésih Ana nang Tegal

6 November 2022 19:53 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Jajanan kuna nang Tegal, Kembang Goyang
zoom-in-whitePerbesar
Jajanan kuna nang Tegal, Kembang Goyang
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL - Arané kembang goyang. Panganan kuna kuwé ésih ana nganti saiki. Salah siji tempat sing nggawé jajan kembang goyang ana nang wilayah Tuwel, Kabupatén Tegal.
ADVERTISEMENT
Jajanan kiyé biasané dadi hidangan khas wayah badanan. Panganan sing rasané gurih manis kiyé saiki bisa disuguhkan saben dina nggo batir nginung téh anget utawa kopi.
Diarani kembang goyang, soalé wektu nggawé jajanan kiyé cétakan diclupna maring njero adonan latané digoyang-goyangkna supaya jajané ucul seka cétakan. Bentuk cétakané bunder lan bolongané papat.
“Kembang goyang seka Tuwel, Kabupatén Tegal kiyé bentuké cilik-cilik. Ébén gampang dipangan,” jaré Gangsar salah siji sing nggawé kembang goyang nang Tegal maring PanturaPost, dina Jemuah (4/11/ 2022).
Jaré Gangsar, kembang goyang sempet dipasarna nang lokasi wisata. Tapi, dampak pandemi nggawé produksi kembang goyang kiyé mandeg selama sa taun setengah. Kecintaané maring panganan kuna kiyé nggawé dhéwéké mroduksi maning. Saiki, kembang goyang molai ana maning.
ADVERTISEMENT
“Sawisé sempet manseg sa taun setengah, nyong akhiré semangat maning ngembangna kembang goyang. Sa dinané bisa nggawé 18 kilo nggo wulan-wulan normal. Yén wayah pan wulan puasa bisa nganti 54 kilo sa dina,” jaréné.
Nggo nyasar maring pasarané bocah enoman, jajan kembang goyang digawé karo rasa sing werna-werna. Biasané, mbiyén kuwé bahan baku kembang goyang seka glepung, santen lan gula.
"Angger kiyé, nyong ngganti santen karo endog. Glepungé campuran lan ora mung glepung tok. Dadi rasané séjén, karo kembang goyang liyané.”
Nggo rega, kembang goyang diadol Rp 44.000 sakiloné. “Nggo rega grosir lan reseller séjén. Tapi, karo syarat tertentu. Nggo sing njaluk bisa diater, nyesuaikna jarak lan jumlahé,” jaréné.
Nggo sing péngin ngrasakna Kembang Goyang Gangsar kekinian bisa teka langsung maring rumah Gangsar nang Dukuh Kopigandu, RT 04/RW 02 Désa Tuwel, Kecamatan Bojong. Utawa bisa olihna kembang goyang neng toko lan minimarket sing perek. (*)
ADVERTISEMENT