Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.97.0
Konten Media Partner
Kios Béngsin nang Bumiayu Brebes Kobongan, Dinyana Gara-gara Geni Udud
26 Oktober 2022 20:29 WIB
·
waktu baca 2 menit![Mobil pemadam wayah nyirepna geni sing ngobong kios béngsin écéran nang Bumiayu. Brebes.](https://blue.kumparan.com/image/upload/fl_progressive,fl_lossy,c_fill,q_auto:best,w_640/v1634025439/01gga7estgprym51fvnqrdyspz.jpg)
ADVERTISEMENT
BREBES – Kios béngsin écéran ndéké Daryono, 73 taun, nang wilayah Kecamatan Bumiayu, Kabupatén Brebes entong prontong dipangan geni, dina Senén (24/10/2022) soré. Saliyané kios béngsin écéran, motor Honda Vario ndéké Daryono, uga geseng.
ADVERTISEMENT
Jaré keterangan warga Brebes, Umi Maesaroh, kedadénan kuwé wayah sendekala sekitar jam setengah enem soré. Wektu kuwé dhéwéké sing lagi nang njero umah krungu warga lagi gemboran ana kobongan.
“Nyong langsung metu lan ngileng geni wis mulad-mulad ngobong kios béngsin ndéké Pak Daryono,” jaré Umi maring PanturaPost.
Warga ya langsung gotong royong nyirepna geni nggo alat seanané. Warga uga ngabari petugas pemadam kebakaran (Damkar). Ora let suwé, mobil Damkar teka lan langsung nyirepna geni.
“Wektu kuwé murubé geni wis molai cilik. Latané petugas diréwangi warga bisa nyirepna geni,” jaréné.
Nganti saiki, polisi ésih nylidiki sing nyebabna kobonga. Tapi, jaré Umi, kobongan kuwé kedadén wektu Daryono lagi nuangna béngsin seka émbér maring gendul.
ADVERTISEMENT
"Émbuh kepribén ujug-ujug ana pletikan geni lan nylamber maring béngsin. Latané ngobong kabéh sing ana neng sekitaré,” jaréné.
Kapolsek Bumiayu Kompol Heri Riyanto ngomong, hasil penyelidikan lan keterangan saksi, ana pletikan geni sing nylamber wektu sing nduwé kios lagi nakar béngsin pertamax lan pertalite seka drigén maring njero émbér.
Dinyana merga sing duwé kios udud, latané pletikan geniné nylamber maring béngsin, nganti ngetokna geni nganti kios lan motoré mélu geseng kekobong.
“Seka keterangané korban, sabeneré sing duwé wis nyoba nyirepna geni karo banyu, tapi geniné terus gedhé nganti ngobong kios,” jaré Kapolsek Bumiayu, Heri Riyanto, dina Slasa (25/10/2022).
Untung baé wayah kedadénan laka korban jiwa. Nggo tunané durung bisa ditaksir.
ADVERTISEMENT
“Dhéwék ngélingna maring masarakat nggo lewih ngati-ati, singkirna barang-barang sing gampang kekobong seka sumber geni, supaya kedadénan sing pada ora kebalén,” pungkasé. (*)