Konten Media Partner

Kiyé Alesan Bégal Tegel Maténi lan Mbakar Ojol nang Brebes

12 Juni 2021 19:16 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Bégal sing maténi ojol nang Brebes, Ahmad Jamaludin (21), dicekel polisi dina Jemuah (11/6/2021) wingi.
zoom-in-whitePerbesar
Bégal sing maténi ojol nang Brebes, Ahmad Jamaludin (21), dicekel polisi dina Jemuah (11/6/2021) wingi.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBESBegal sing maténi ojol nang Brebes, Ahmad Jamaludin (21), dicekel polisi dina Jemuah (11/6/2021) wingi. Polisi saiki ésih terus nylidiki kasus kiyé karo mriksa pelakuné.
ADVERTISEMENT
Wayah dipriksa, pelaku ngaku nglalu nglakoni aksiné kuwé gara-gara kepéngin nduwéni motor. Dhéwéké ngomong, aksiné dilakoni wayah dhéwéké balik seka Jakarta numpak bis.
Belih-moni balik maring umahé sing ana nang Désa Sengon Kecamatan Tanjung Kabupatén Brebes. Pelaku malah mudun nang prapatan Pasific Mall Kota Tegal.
Dhéwéké latané luruh ojol nggo balik maring umahé. Dingerténi, pelaku ngranto maring Jakarta nyambut gawé dadi pelayan nang warung pecel lélé.
Wayah neng perjalanan, saanjogé nang flyover Kramatsampang, pelaku ujug-ujug ngantem endas nggon mburiné korban nganggo tangané. Korban ya akhiré nglambruk.
Wayah nglambruk, pelaku ngantemi korban maning. Ngantikan akhiré pelaku luruh runtah dami sing pating tlékték nang pinggir dalan lan ngobong korban nganggo korék biting.
ADVERTISEMENT
Malah, pelaku tegel nemen ngobong awaké korban sing wis laka daya gara-gara ngileng nang Youtube. "Nyong ngileng nang Youtube keningapa nganti kaya kuwé (ngobong)," jelasé.
Sadurungé dibritakna, pelaku dicekel daning tim gabungan Réskrim Polsék Kersana lan tim Résmob Satréskrim Polrés Brebes, nang umah sing ana nang Désa Sengon Kecamatan Tanjung Kabupatén Brebes, dina Jemuah (11/6/2021), sekitar jam telu soré.
Wayah nangkep pelaku, anggota dipimpin daning Kepala Unit (Kanit) I Satréskrim Polrés Brebes Aiptu Titok Ambar Pramono.
Petugas kepaksa mbedhil sikil kiwané pelaku soalé nglawan wayah pan dicekel. Saiki, pelaku diblosokna nang penjara Mapolrés Brebes. Dhéwéké sempet dirawat nang IGD RSUD Brebes gara-gara luka nang kémpolé kuwé. (*)