Lagi Pésta Ganja neng Njero Umah, Telu Bocah Enom nang Brebes Dicekel Polisi

Konten Media Partner
20 November 2022 15:51 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Wong telu inisialé DW (35), MR (29) lan AA (24) dicekel polisi wayah pesta ganja.
zoom-in-whitePerbesar
Wong telu inisialé DW (35), MR (29) lan AA (24) dicekel polisi wayah pesta ganja.
ADVERTISEMENT
BREBES – Telu bocah enom digrebek tim Satresnarkoba Polres Brebes wayah lagi énak pésta ganja nang umah sing ana nang Désa Jatisawit, Kecamatan Bumiayu, dina Slasa (8/11/2022).
ADVERTISEMENT
Wong telu kuwé inisialé DW (35), MR (29) lan AA (24). Dhéwéké kuwé wong Kecamatan Paguyangan lan Kecamatan Bumiayu.
Kasat Resnarkoba Polres Brebes AKP Aris Maryono ngomong, ketelu wong kuwé dicekel merga ana laporan masyarakat sing mlebu. Olihna laporan kuwé, Tim Satresnarkoba Polres Brebes langsung nggrebek.
“Wektu lagi nggrebek, wong telu kiyé lagi asyik ngganja nang njero umah kuwé,” jaré Aris Maryono, dina Jemuah (18/11/2022).
Wektu digerebek, jaré Aris, tim Satresnarkoba uga nemukna ana pirang barang bukti liyané. Yakuwé, 8 pakét ganja karo aboté sekitar 25 gram.
Wayah nggrebek, jaréné, pihaké uga ngamana barang bukti kaya HaPé, alat hisap lan barang liyané.
Selanjuté, wong telu lan kabéh barang bukti digawa maring Mapolres Brebes nggo diprosés lewih lanjut. Gara-gara kelakuané, pelaku dijerat Pasal 114 ayat (1) jo Pasal 111 ayat (1) Tahun 2009 tentang Undang-undang Narkotika.
ADVERTISEMENT
“Anceman ukumané limang taun penjara,” pungkasé. (*)