Konten Media Partner

Laka Sawulan, Wong Ninggal Gara-gara Corona nang RSUD Brebes Nganti Sewidak Lima

24 Juni 2021 21:47 WIB
·
waktu baca 1 menit
clock
Diperbarui 13 Agustus 2021 14:12 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ambulans di RSUD Brebes. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Ambulans di RSUD Brebes. (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
BREBES — Jumlah pasién Corona sing ninggal dunya nang RSUD Brebes nyatetna angka paling dhuwur. Yakuwé 11 wong sadinané, nang dina Slasa (22/6/2021). Malah, dina Rebo (23/6) wingi ana wong papat sing ninggal dunya gara-gara Corona.
ADVERTISEMENT
“Ya pancén bener, sajegé wulan April, dina Rebo (22/6) wingi angkané paling dhuwur. 11 wong ninggal dunya sing disemayamna nang kamar jenazah RSUD Brebes,” jaré Kepala Kamar Pemulasaran Jenasah RSUD Brebes, M Taufik.
Dhéwéké nambahi, jumlah total pasién ninggal dunya sing manjing maring kamar jenazah sasuwénéng wulan Juni ngantikan dina kiyé tekan 65 wong. “Dina kiyé wis 4 jenazah dhéwék lakoni prosési pemulasaraan jenazah sesuai karo SOP (COVID-19),” imbuhé.
Puluhan wong sing ninggal dunya gara-gara Corona rata-rata umur nang ndhuwuréng 40 taun. Akéhé pasién Corona ninggal sempet nggawé petugas pemulasaran jenazah klabakan.
“Wingi sempet ana antrian manjing maring kamar jenazah. Soalé kapasitas dhéwék sa ruangan enem jenazah. Mugane liyané antri nang ngarep ruang jenazah,” ungkapé.
ADVERTISEMENT
Tapi kaya kuwé, jaréné, pihake tetep mampu nyambut gawe karo maksimal nggo nglakoni pemulasaraan Jenazah.
“Alhamdulillah laka kendala, pancén ana keterlambatan sacuil kekait peti jenazah. Soalé pancén kudu dijukut disit nang gudang,” pungkasé. (*)