Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.100.8
Konten Media Partner
Mainé Ora Mulad-mulad nang Liga 2, Suporter Persekat Tegal Njaluk Ganti Pelatih
12 September 2022 20:12 WIB
·
waktu baca 2 menit
ADVERTISEMENT
TEGAL – Persekat Tegal durung bisa olih hasil optimal wektu nglawan Persela Lamongan nang GOR Trisanja, dina Saptu (10/9/2022). Pasalé, seka telung pertandingan sing wis dilakoni, Persekat mung bisa olih 2 poin karo rincian ping pindo imbang lan sepisan kalah.
ADVERTISEMENT
Saiki Persekat ana neng posisi 7 klasemen karo hasil 2 poin ketinggalan 4 poin seka FC Bekasi City sing wis ngumpulna 6 poin nang pucuk klasemen. Tapi FC Bekasi City ésih bisa ngadohna jarak poin misalé bisa olihna poin penuh wektu tanding maring markasé Persipa Pati, dina Ahad (11/9/2022).
Ngileng performané Persekat Tegal sing durung mulad-mulad utawa ésih durung bisa saingan neng liga 2 2022, akéh nggawé suporter Persekat ngrasa ngresula karo kinerjané pelatih.
Saiki, Erwan Hendarwanto dadi kambing hitam gara-gara mlorodé penampilané Persekat neng liga 2 2022.
Tagar Erwan Out ya saiki ngebeki koméntar neng kabéh médsos Persekat Tegal. Nétizen nilé angger penampilan saiki minim taktik.
“Minim taktik #erwanout” tulisé akun instagram @rizki.hidayat999.
ADVERTISEMENT
“Dibelani bolos kerja ora seri.kalah ora kalah seri. menange kapan katt !!!!! Proses terus sampe degradasi ngono!!!! (Dibelain bolos kerja tidak seri.kalah tidak kalah seri. menangmya kapan katt !!!!! Proses terus sampai degradasi sana!!!) #ERWAN OUT. ” tulisé akun instagram @hardingakngik.
“Berbenah terus tapi raono hasil! #erwanout ” tulisé akun instagram @khasbi29.
“Komentar wis akeh sing ngresula dang ora nyadar ya kebangetan (komentar sudah banyak yang ngeluh kalo tidak sadar ya kebangetan) #erwanout” tulisé akun instagram @zacky_jecky.
“Evaluasi atau Degradasi..!!! #erwanout” tulisé akun instagram @khafiidkhafiid.
“Kie pelatih kayane pan ngajak persekat maen ng liga 3 maning kayane keh. Mumpung urung kejadian yuh bareng bareng moni
#ErwanOut” tulisé akun facebook Wahyu Way.
ADVERTISEMENT
“Piye piye piye maine…Piye maine kok koyo ngene.!! #ErwanOut !!! ” tulisé akun facebook Sanjay Ibnu Al Karim.
Sedurungé, Erwan wis njaluk pangampura maring para pendukung Persekat gara-gara pirang pertandingan terakhir hasilé imbang baé.
“Nyong pangampura maring para suporter sing wis ndukung tim kiyé, pangampura soalé neng pertandingan kandang kiyé durung bisa menang,” tuturé Erwan.
Dhéwéké janji pan ndandani nggo pertandingan selanjuté. Muga-muga pertandingan selanjuté bisa menang.
“Nyong pan fokus ndandani tim, pancén durung maksimal secara hasil, secara perjuangan para pemain wus usaha mékena sing paling apik nang lapangan. Apapun hasilé kiyé tanggung jawabé nyong dadi pelatih,” jaréné. (*)