Mangsa Ketiga, Wong-wong nang Tegal Molai Kangélan Banyu Bersih

Konten Media Partner
29 Mei 2021 16:58 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Warga nang Désa Tamansari, Kecamatan Jatinegara, Kabupatén Tegal molai kangélan banyu bersih.
zoom-in-whitePerbesar
Warga nang Désa Tamansari, Kecamatan Jatinegara, Kabupatén Tegal molai kangélan banyu bersih.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL — Warga nang Désa Tamansari, Kecamatan Jatinegara, Kabupatén Tegal molai kangélan banyu bersih. Malah nggo menuhi kebutuhan banyu bersih, warga nang désa kuwé molai luruh banyu nang sumber mata air sekitar kali lan pancuran.
ADVERTISEMENT
Kepala Désa Tamansari, Tarno, dina Jemuah (28/5/2021) ngomong, wilayah Jatinegara sajegé awal wulan April intensitas udan molai susut, utamané daérah Jatinegara Utara. Hal kuwé gawé banyu nang sumur-sumur warga molai garing.
"Saliyane kuwé kapasitas sumber banyu Pamsimas uga ora cukup nggo menuhi kebutuhan nang RT 01/01, RT 09/06, RT 10/06, RT 11/06 lan RT 13/05," jaréné.
Saiki, Tarno nglanjutna, ana pirang RT sing kangélan olihna banyu bersih lan mbutuhna nemen réwangan. Nang antarané, RT 08/05 karo jumlahé 40 KK, RT 07/03 jumlahé 50 KK lan RT 23/05 seakéh 40 KK.
Nggo ngatasi hal kuwé, pihak Pemréntah Désa (Pemdés) uga nggawé penampung banyu, tepaté nang Dukuh Tipar RT 18/04 lan RT 24/04 karo njukut seka sumber mata air nang tengah alas karo jarak kurang luwih 150 méter.
ADVERTISEMENT
"Penampung banyu ditempatna nang wilayah RT 18/04 karo kapasitas 5.000 liter. Saiki kebutuhan banyu bersih masarakat wis molai ngangsu nang mata air kali Kembang lan Pancuran," jaréné.
Nggo menuhi kebutuhan banyu bersih nang désa Tamansari, Kecamatan Jatinegara, Pemdés uga wis ngajukna permohonan banyu bersih maring PMI Kabupaten Tegal metung Forum Komunikasi Pimpinan Kecamatan (Forkompincam) Jatinegara.
Pada baé kaya sing diomongna daning Perangkat Désa Tamansari, Dwi Narni. Jaréné, nggal taun, Désa Tamansari kangélan banyu bersih senajan pihak désa wis nggawé penampungan banyu bersih lan Pamsimas.
"Ya kiyé soalé Désa Tamansari yakuwé désa tadah udan lan ora nduwéni sumber mata air," ungkapé. (*)