Kumparan Logo
Konten Media Partner

Mbah Tukang Jaluk nang Brebes Tuku Emas 28 Gram Nganggo Duit Kricikan Sewaring

PanturaPostverified-green

·waktu baca 3 menit

clock
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical
Mbah Januri waktu tuku emas nganggo duit kricikan. (foto: istimewa)
zoom-in-whitePerbesar
Mbah Januri waktu tuku emas nganggo duit kricikan. (foto: istimewa)

BREBES — Ana mbah-mbah sing umuré 75 taun nang Brebes nggawé gégér jagad dunya maya akhir-akhir kiyé. Kegiatané viral wayah tuku puluhan gram emas karo duwit kricikan sing diwadahi rong waring nang toko emas Rama sing ana nang komplék Dalan Diponegoro, Kecamatan Ketanggungan, Kabupatén Brebes, dina Rebo (30/6/2021).

Ésuk kuwé, mbah-mbah sing arané Januri asalé seka Désa Baros Kecamatan Ketanggungan kuwé, teka karo numpak mobil kol bak. Latané sawisé teka nang pasar, dhéwéké mlaku nekani toko emas sekitar tengah wolu ésuk. Padahal, toko nembé buka sekitar jam wolu ésuk.

Karo nganggo klambi hém warnanan ijo enom lan pécinan, mbah Januri ngenténi dibukané toko emas karo njagong nang jéjér toko. Rong waring bekas beras disrogna nang jéjéré.

Sawisé gerbang toko dibuka, mbah Januri langsung manjing maring njero toko lan nyampékna kekarepané nggo tuku emas. Karyawan toko ya njaluk mbah nggo ngileng anggo-anggo emas nang étalase. Tapi, bukané ngileng anggo-anggo, mbah Januri malah njaluk karyawan mbuka waring isénan duwit nggo diréwangi ngétung.

Weruh rong waring isénan duwit, karyawan toko emas ya sempet kagét. Tapi, dhéwéké langsung ngétung duwit kuwé. Butuh waktu ngantikan rong jam nggo ngétung duwit kricikan koin lan duwit kertas kuwé.

Jaréné penuturan seka karyawan toko sing sempet kandha karo mbah Januri. Duwit nang njero rong waring yakuwé hasil nyambut gawé dadi serabutan muter-muter dalan.

Duwit pecahan sing digawa mbah Januri nang njero waring paling akéh pecahan séwu lan rong éwu. Senajan pecahan liyané Rp 5 éwu lan Rp 10 éwu uga ana. Termasuk duwit kricik akeh-akeh pecahan Rp 500.

Pengunjung pasar sing ana belih adoh seka toko emas ya sempet geger karo kegiatan adol tuku karo nggunakna duwit kricik ngantikan rong waring. Ping kopang-kaping ditakoni warga, mbah Januri ngiyakna angger dhéwéké kepéngin tuku emas.

Sawisé diétung, jumlah duwit nang njero rong waring ndéké mbah Januri total seakéh Rp 9.336.000. Duwit kuwé, latané ditukokna emas seakéh 28 gram. Nang antarané kalung 10 gram lan rong gelang seabot 18 gram.

Jaré keterangan sing duwé toko emas kuwé, Héngky Wibowo, mbah Januri ora nggawa idéntitas wayah teka tuku emas. Mung baé, mbah Januri nyebutna seka endi asalé.

"Sempet ditakoni mbah olih duwit seka endi, jaréné olih jaluk-jaluk nang dlanggungan kurang luwih rong taun. Keperluané nggo tabungan masa tuwa," omongé Héngky Wibowo.

Tapi kaya kuwé, dhéwéké belih ngarti mbah Januri nyambut gawé serabutan utawaha jaluk-jaluk nang sekitar pasar Ketanggungan.

"Nyong durung pernah ngileng mbah Januri nang sekitar kéné ndéyan ya nang tempat liya. Sawisé rampung diétung, nyong tawakna pan diater maring umah daning karyawan, tapi mbah Januri nolak lan milih balik dhéwék," ungkapé.

Nggo dingerténi, anggo-anggo emas sing dituku mbah Januri yakuwé emas 9 karat. Nggo regané molai seka Rp 300 éwonan per gram. (*)