Nang Brebes, Ana Maling Mbobol Minimarket Maning

Konten Media Partner
8 Desember 2020 20:26 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Minimarket nang Kabupatén Brebes maning-maning kebobolan, Senen (7/12/2020). (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Minimarket nang Kabupatén Brebes maning-maning kebobolan, Senen (7/12/2020). (Foto: Fajar Eko)
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
BREBES Minimarket nang Kabupatén Brebes maning-maning kebobolan, Senen (7/12/2020). Saiki, sing dibobol yakuwé minimarket sing ana nang Désa Kemurang, Wetan Kecamatan, Tanjung.
ADVERTISEMENT
Neng njero minimarket Alfamart kuwé, malingé njukut pirang-pirang barang nang étalase. Kaya rokok lan susu bubuk kaléngan karo sing kardusan.
Kebobolé minimarket kuwé pertama pisan dingerténi daning salah siji karyawan sing pan kerja. Wayah pan manjing, lawang ngarep lan gembok sing biasa nggo ngunci gerbang minimarket wis kebuka. Gemboké digawa mlayu daning malingé.
Pengawas Toko sing arané Andreas ngomong, pas kuwé pegawé toko pan mangkat kerja sekitar jam pitu ésuk. Wayah teka nang lokasi kedadénan, lawang toko (mini market) keadaané wis kebuka.
"Mau penjaga toko shift ésuk sing pertama dhéwék ngarti. Wayah nang ngarep toko, sempet kagét weruh kondisi lawang ngarep toko keadaané wis kebuka," omongé Andreas.
Merga curiga, dhéwéké langsung mriksa maring jero. Bareng dideleng, jebulé rokok lan susu bubuk digawa mlayu daning maling kuwé. "Nggo sementara susu lan rokok sing dijukut maling kuwé," imbuhé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, Kanit Réskrim Polsék Tanjung Ipda Ahmad Suudi ngomong, pihaké wis nglakoni pemeriksan nang lokasi kedadénan. "Angger seka informasi petugas toko, maling manjing metung lawang ngarep. Lan malingé nggawa mlayu rokok lan ana pirang susu bubuk nang étalase toko," omongé Ahmad Suudi.
Nggo total tuna, ésih lagi didata lan diétung. Polisi uga wis nglakoni olah TKP bareng karo tim Résmob lan Inafis Polrés Brebes. Pelakuné saiki lagi diuber. (*)