news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Ngangkut Puluhan Motor Klasik, Trek Ludes Kobongan nang Tol Brebes

Konten Media Partner
5 Agustus 2022 17:49 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Trek canter sing ngangkut puluhan motor klasik geseng kekobong, dina Kemis (4/8/2022) soré nang jalan tol Brebes.
zoom-in-whitePerbesar
Trek canter sing ngangkut puluhan motor klasik geseng kekobong, dina Kemis (4/8/2022) soré nang jalan tol Brebes.
ADVERTISEMENT
BREBES – Trek canter sing ngangkut puluhan motor klasik geseng kekobong, dina Kemis (4/8/2022) soré nang jalan tol Brebes. Dinyana kobongan trek kuwé merga ana percikan geni sing asalé seka motor klasik sing ana neng bak trek Mitsubishi canter kuwé.
ADVERTISEMENT
Koordinator Lapangan Damkar Brebes Sugiarto ngomong, informasi sing ditampa, kedadénan kobongan trek Mitsubishi Canter kedadén nang KM 245 tol Kanci-Pejagan, tepaté nang Désa Kramatsampang, Kecamatan Kersana, Kabupatén Brebes.
“Informasi sing dhéwék tampa nang lapangan, sekitar jam telu soré, supir weruh kukus seka arah mburi. Dinyana asalé seka motor sing diangkut dhéwéké. Trek latané langsung minggir. Ora let suwé geni metu seka mburi mobil lan tambah gemleger mugané ngobong kendaraan,” jaré Sugiarto.
Olihna laporan kuwé, Tim Damkar Sektor Tanjung, Kersana lan Brebes langsung meluncur maring lokasi kedadénan nggo nyirepna geni lan ngademna karo ngecék lan mastikna ora ana kobongan maning.
“Nggo penyebab kebakaran pasti ésih dilakoni pemeriksaan lewih lanjut daning pihak kepolisian,” jelasé.
ADVERTISEMENT
Nggo tuna materil merga kedadénan kuwé diperkirakan nganti Rp 700 juta lewih. Nggo batang trek, wis diévakuasi neng tempat sing aman. (*)