Ojol Dibégal nang Brebes, Wong Tegal pada Ngumpulna Duit Nggo Kluwargané Korban

Konten Media Partner
15 Juni 2021 17:07 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ratusan ojol mengantar jenazah korban dari Brebes ke Tegal. (Foto: Fajar Eko Nugroho)
zoom-in-whitePerbesar
Ratusan ojol mengantar jenazah korban dari Brebes ke Tegal. (Foto: Fajar Eko Nugroho)
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL — Aksi guyub dilakokna Komunitas Warga Tegal (KWT) sing ngumpulna duit nggo kluwargané Slamet Ariswanto (33), ojol sing dibégal nang Flyover Kramatsampang, Kersana, Kabupatén Brebes, dina Rebo (9/6/2021)
ADVERTISEMENT
Korban ninggal sawisé dikantem lan diobong daning pelaku sing arané Ahmad Jamaludin (21). Warga Désa Sengon, Kecamatan Tanjung, Brebes, kuwé saiki wis ndekem nang penjara.
Ketua KWT Amin Subiyanto ngomong gerakan Ngumpulna duit kiyé dilakoni nganggo cara onlén nang grup Facebook 'Komunitas Warga Tegal (KWT) '. Kegiatan donasi kiyé merga faktor kemanusiaan. Ngéling-éling kluwarga sing ditinggalna dudu seka kluwarga sing mampu.
"Almarhum uga ninggalna bojo karo bocah sing ésih balita (4 wulan). Dhéwék ngejak masarakat ngirimna simpati lan dukungan nggo ngurangi beban kluwarga sing ditinggalna," tuturé maring PanturaPost, dina Senén (14/6/2021).
Kegiatan ngumpulna duit utawa donasi nggo ojol korban bégal kiyé wis mlaku sajegé tanggal 12 Juni lan pan kedadén nganti tanggal 19 Juni 2021.
ADVERTISEMENT
"Sadurungé pihak KWT wis nglakoni survéi nang umahé bojoné sing alamaté nang Dukuh Ketiwon, RT 05/RW 01 Kelurahan Dampyak, Kecamatan Kramat, Kabupatén Tegal," terangé.
Ngantikan dina Senén (14/6/2021) awan, duit sing wis kekumpul tekan Rp 4.420.000. "Nggo targét penggalangan dana yakuwé saakéh-akéhé nganti tanggal sing ditentukna," jaréné.
Lah, angger nggo masarakat sing pan mélu donasi ojol korban bégal nang Brebes bisa ngirimna bantuan metung Rekening BRI 010101013964534 An Yayasan KWT. Selengkapé bisa diileng nang kéné.
Komunitas Warga Tegal (KWT) wis ngadeg sasuwénéng 12 taun lan terusan nglakoni kegiatan sosial. Neng antarané penggalangan korban banjir sekitar Tegal, bedah umah, bantuan dana prawatan nang Rumah Sakit. Saliyané kuwé uga ana santunan anak yatim, aprésiasi pekerja lansia, ngantikan bagi-bagi sembako. (*)
ADVERTISEMENT