Patung Obor nang Slawi Cangkeme Ditutupi Masker, Eben Wong-wong pada Eling

Konten Media Partner
9 April 2020 21:16 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Patung obor yang ada di perempatan Desa Pakembaran, Kecamatan Slawi dipasangi masker, Rabu (8/4/2020). (Foto: Dok. Humas Pemkab Tegal)
zoom-in-whitePerbesar
Patung obor yang ada di perempatan Desa Pakembaran, Kecamatan Slawi dipasangi masker, Rabu (8/4/2020). (Foto: Dok. Humas Pemkab Tegal)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Pemrentah Kabupaten Tegal ngampanyekna gerakan nganggo masker nggo nyegah nular lan nyebare Virus Corona utawa Covid-19. Anggo mromosikna aksi kuwe maring masarakat, Pemkab masangna masker nang Patung Obor gedhe sing ana nang Prapatan Desa Pakembaran, Kecamatan Slawi.
ADVERTISEMENT
Bupati Tegal, Umi Azizah ngomong dipasange masker kuwe nggo ngelingna eben wong-wong pada nganggo masker. "Langka maksud liya seka dipasange masker nang patung obor kuwe, saliyane nggugah lan ngelingna wong sing pada nglinter eben terus enggo masker pas lagi metu sing umah," jarene.
Masker sing ukurane gedhe kuwe dipasang daning staf bagian Humas Pemkab Tegal lan Dinas Perkimtaru Kabupaten Tegal dina Rebo (8/4/2020). Angger ana sing nile cara kiye unik, Umi ngaku pihake mung duwe upaya mengartikulasikan instruksi persiden eben nganggone masker bahan kiye masif nang masarakat.
"Komunikasi publik (wong umum) kuwe carane werna-werna. Lan angger weruh nang media sosial, ora satitik warganet dhewek sing melu ngampanyekna imbauan pemrentah kiye karo cara unik, pinter nganti guyonan. Tujuane ya padha, mbangun kesamaan persepsi sing ujunge kesadaran publik (wong umum)," ujare.
ADVERTISEMENT
Ora mung nang Patung Obor, tapi uga nang pirang patung sing tempate strategis. Kaya nang simpangan dalan, antarane yakuwe nang pertelon Tuwel uga dipasang masker sing padha bae. Kebijakan dienggone masker nggo sakabehaneng masarakat wayah ana nang njabaneng umah wis ditindaklanjuti institusine karo nerapna kebijakan sektoral area wajib masker nang unit pelayanan publik (wong umum) pemrentah.
"Ya Kaya Rumah Sakit lan Puskesmas, nang endi warga uga bisa ngolihine gratis pas lagi esih ana stoke," jelase.
Umi ngarep-arep, sapa bae bisa melu mengafirmasi anjuran persiden kuwe demi keslametane bareng-bareng. Pokoke saiki, sapa bae kudu nganggo masker. Malah saiki wis dadi standar prilaku urip resik lan waras, padha hale karo physical distancing lan ngisuhi tangan karo sabun disering-sering.
ADVERTISEMENT
"Sing duwe toko bisa majibna sing pada tuku nganggo masker bahan wayah pan tuku, angger ora nggawa, bisa diwekena gratis, etung CSR perusahaan utawa bisa nukune karo rega sing kejangko," pungkase. (Panji)