Pengumuman Lur! Pemkot Tegal Pan Mbuka Lowongan CPNS lan PPPK
·waktu baca 2 menit

TEGAL — Pemerintah Kota (Pemkot) Tegal mbuka 470 formasi nggo lowongan Calon Pegawai Negeri Sipil (CPNS) lan Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK). Jumlah kuwé yakuwé sing disetujuni daning Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara dan Réformasi Birokrasi.
"Sementara jumlahé 470 sing mudun seka pusat. Tapi wayah kiyé ésih ngenténi prosés surat keputusan (SK) Wali Kota Tegal sadurungé diumumna maring wong umum," jaré Kepala Badan Kepegawaian, Pendidikan dan Pelatihan Daérah (BKPPD) Kota Tegal Ilham Prasetyo, wayah dibéll, dina Slasa (25/5/2021).
Ilham nyebut seka 470 formasi, 54 nang antarané formasi CPNS, 295 PPPK jabatan guru, lan 121 PPPK non guru kaya tenaga keséhatan lan tenaga téknis. "Rencanané tanggal 30 Méi dhéwék launching sawisé metu SK wali kota," omongé Ilham.
Ilham ngomong, nggo pendaftaran, bisa dilakoni nganggo cara onlén. "Pendaftaran metung onlén. Malah ujian CAT nganggo komputer. Sawisé rampung langsung olih nilé lan bisa disaksikna umum. Nggo curang utawa titip nitip ora bisa soalé onlén," jaré Ilham.
Kaya sing dibritakna daning Kumparan.com, pemréntah pan mbuka pendaftaran calon Pegawai Negeri Sipil (CPNS) nang tanggal 31 Méi mengko. Pendaftaran CPNS 2021 kiyé pan dilakoni iring-iringan karo seléksi Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK).
Lah, angger nggo jumlah kebutuhan aparatur sipil negara (ASN) nang taun 2021 kiyé kecatet seakéh 1.275.387 wong nang penerimaan CPNS 2021. Prosés pendaftaran pan dilakoni metung Sistem Seléksi Calon ASN (SSCASN).
Portal kuwé pan gawé gampang peserta wayah nglakoni prosés pendaftaran nganggo cara terpusat metung laman SSCASN, sscasn.go.id, sing dikelola daning Badan Kepegawaian Negara (BKN).
Kepala BKN Bima Haria Wibisana nyebut, BKN wis ningkatna fitur téknologi nang SSCASN, nang endi peserta seléksi ASN wis ora perlu maning ngunggah pirang-pirang dokumén, kaya ijazah, Surat Tanda Régistrasi (STR), uga Nomor Unik Pendidik dan Tenaga Kependidikan (NUPTK) pas lagi nglakoni pendaftaran. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
