Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.103.0
Konten Media Partner
Penthol! Senajan seka Kluwarga Wong Ora Duwé, Wong Tegal Kiyé Bisa Dadi Propesor
13 Agustus 2020 11:37 WIB

ADVERTISEMENT
LEWAT perjuangan lan pengorbanan sing lumayan dawa, Moh. Khairudin bisa ngubah nasibé. Senajan asalé seka kluwarga wong sing ora duwé, wong lanang seka Désa Balapulang Wétan, Kacamatan Balapulang, Kabupatén Tegal bisa nyandang gelar paling dhuwur jeroneng dunia akademik.
ADVERTISEMENT
Udin, undangan akrabé Khairudin, nembé baé dikukuhna dadi propesor alias Guru Gedhé nang Fakultas Teknik Universitas Negeri Yogyakarta (UNY), nang dina Saptu (8/8/2020) wingi. Pas kuwé dhéwéké nyampékna pidato pengukuhan sing judulé 'Teknik Navigasi Autopilot Mobile Robot dengan Kecerdasan Buatan'.
PanturaPost.com ngéndong maring umah kluwargané nang Désa Balapulang Wetan, dina Slasa (11/8/2020). Umah sing ana nang jero lontrong cilik kuwé bisa diomong sederhana. Dhéwék ditemoni daning kakangé Udin, yakuwé Muhamad Said.
"Dhéwék dadi kakang lan kluwarga seneng nemen weruh adhiné bisa mujudna cita-citané," omongé Muhamad Said, miwiti kanda-kanda karo PanturaPost.com.
Khairudin dhéwék kuwé anak mbontot seka pitu saduluran. Dhéwéké lair nang tanggal 12 April taun 1979 seka pasangan almarhum Samsidin lan Wari. Kakang-kakangé mung lulusan SD lan MTs soalé nang pas kuwé laka biaya nggo sekola.
ADVERTISEMENT
Said kanda, Udin awit cilik wis seneng maca buku. Wayah ésih sekola nang padung SMP, dhéwéké sering sinau nganti keturon nang méja. Anjog wayah tangi, cunguré klopot soalé kena kebulé ceplik.
Udin dhéwék molai sekola nang SDN 05 Balapulang Wetan lan ditutugna nang SMP N 1 Balapulang. Lah, nek nggo pendidikan menengah ditutugna nang salah siji SMK sing ana nang Purwokerto, Kabupatén Banyumas.
"Nang pas kuwé, Udin milih sekola SMK nang Purwokerto soalé akéh sing ngenyék maring wong tuwané nyong. Soalé kluwargané nyong disit mung dadi bakul sega bungkus lan petani biasa," jaréné.
Jaré Said, Khairudin cita-citané dadi guru gedhé awit manjing SMK. Nang pas kuwé saduluré sempet ngrewangi biaya sekola sa anané. Kaya kuwé lulus SMK, dhéwéké ya latané nutugna kuliah nang Jogja.
ADVERTISEMENT
Gelar sarjanané dhéwéké olih nang Jurusan Pendidikan Teknik Elektro Universitas Negeri Yogyakarta (UNY). Said nomong, wayah nang Jogja, Khairudin urip mandiri. Kakang-kakangé wis ora bisa ngréwangi biaya. Dhéwéké ya manggon nang masjid lan lila dadi marbot nang kana. Dhéwéké uga dadi bakul témpé lan nyambut gawé liyané.
Lulus S1, dhéwéké nutugna pendidikan S2 nang Jurusan Teknik Elektro Sistem Kendali Institut Teknologi Sepuluh november (ITS) Surabaya. Latané S2/S3 nang Teknik Elektro Kendali Robotika dan Mekatronika University Techologi Malaysia.
"Angger nggo cita-cita dadi profesor kuwé muncul awit sekola SMK. Dadi pas kuwé nang saben buku pelajarané nang lamping ngarepé mesti ditulis karo aran 'Profesor Moh. Khairudin seka Balapulang, Kabupatén Tegal'. Saiki dhéwék bisa mujudna," kelingané Said.
ADVERTISEMENT
Nang pertengahan wulan Juli wingi, Said olih telpon seka Udin. Dhéwéké méin ngarti ari Udin pan dikukuhna dadi guru gedhé lan ngundang kluwarga teka maring Yogyakarta nggo syukuran.
"Nyong dikongkon teka maring Jogja nggo syukuran. Nyong takon syukuran apa, dhéwéké jawab syukuran dikukuhkané dadi guru gedhé utawa profesor. Nyong mung bisa mojar, slamet yah Khairudin kowen bisa tekan cita-cita utawa impénan kowen, nyong dadi kakang mesti teka mana," ungkapé.
Jare dhéwéké, kiyé ping pindo dhéwéké mbatiri Udin nang acara perolehan gelar akademik. Pertama wayah dhéwéké dadi sarjana lan sing ke loro saiki wayah dadi guru gedhé. "Angger nggo kelulusan S2 nang Surabaya lan S3 nang Malaysia dhéwék ora teka soalé biaya nggo nekani ora ana," omongé.
ADVERTISEMENT
Sementara kuwé, salah siji batir sa kelasé nang SMP, Akhmad Hamzah, ngomong, Udin, wayah sekola terkenalé sregep. Dhéwéké olih rengking terus. Wayah ujian dhéwéké mesti olih nilé paling dhuwur.
"Saben badanan, dhéwéké sering balik maring Balapulang lan seneng dolan maring umahé kanca-kanca lan sadulur. Dhéwéké wongé ora gagahan lan sederhana terus senajan dhéwéké wis duwe gelar seabrek," ungkapé.
Krungu kabar Khairudin wis dadi Profésor Hamzah ya krasa bungah. Soalé batir sakelas wektu SMP saiki wis suksés nang dunia pendidikan.
"Dhéwék ngarep-arep, senajan Khairudin wis dadi guru gedhé, dhéwéké tetep dadi wong sing sederhana," jaréné. (*)