news-card-video
Jakarta
imsak
subuh
terbit
dzuhur
ashar
maghrib
isya

Penthol, UMKM nang Tegal Ngetokna Produk Bal Tendang seka Bahan Sampah Plastik

Konten Media Partner
24 Agustus 2022 19:51 WIB
·
waktu baca 3 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Roja’i nyekel bal tendang sing bahané limbah plastik kresek.
zoom-in-whitePerbesar
Roja’i nyekel bal tendang sing bahané limbah plastik kresek.
ADVERTISEMENT
TEGAL – Pelaku UMKM sing produksi bal tendang nang Dusun Istanaerang RT 03 /03 Désa Sokasari, Kecamatan Bumijawa, Kabupatén Tegal wis ngetokna produk anyar. Yakuwé, bal sing bahané limbah plastik kresek.
ADVERTISEMENT
Produk anyar kuwé diluncurna neng wulan Agustus kiyé, pas karo hari Kemerdekaan Republik Indonesia ke-77. Lan, diwéin mérek “PROTeg” Produk Tegal.
“Sebeneré PROTeg kiyé wis diproduksi puluhan taunan. Tapi bal tendang karo bahan karét utawa bahan sing biasa dienggo daning perusahaan,” tuturé wong sing usaha bal tendang, Roja’i maring PanturaPost, dina Slasa (23/8/2022).
Roja’i ngomong, gawé bal tendang karo bahan karét ésih jalan lan ésih produksi. Tapi nggo bal plastik utawa seka bahan plastik kresek kiyé nembé diproduksi neng wulan Agustus kiyé.
Nggawé bal tendang karo bahan plastik kiyé, jaréné, awalé merga masalah sampah nang lingkungan désa. Khususé, plastik kresek sing nganti saiki durung bisa keatasi. Nganti pemréntah uga nganjurna blanja nggawa tas dhéwék nggo ngurangi dienggoné plastik.
ADVERTISEMENT
“Nang Désa Sokasari kiyé ana program désa merdéka sampah. Sing dadi PR-é dhéwék kepibén bisa ngatasi sampah. Neng program kuwé ana bahasa memilah, memilih, mengolah. Seka kono dhéwék mikir nyambi ngopi lan udud, latané nyumul ide nggawé bal tendang karo bahan sampah plastik kresek. Olih ide kuwé, ora kesuwén, langsung dicoba nggawé. Neng itungan setengah jam, ana tanda-tanda dadi produk sesuai karo sing diangan-angan,” tuturé.
Nggawé bal tendang seka bahan plastik kresek kiyé, jaréné, bener-bener murni kerajinan tangan tanpa alat apapun. Bahané, plastik kresek, benang, getah karét, tinta utawa cét pewarna.
“Nggo abot bal-é bisa diatur, tergantung gedhé cilik. Angger nggawé bal futsal bisa maksimal sesuai karo ukuran standar. Tapi, bisa uga nggo nang lapangan gedhé, tapi lewih dienggo nggo nglatih kiper. Nggo bunderé, tergantung pengerjaan utawa keahlian tangan soalé kiyé murni kerajinan tangan tanpa alat khusus,” jelasé.
ADVERTISEMENT
Jaréné Roja’i, ora mung sampah plastik kresek nggo nggawé bal tendang kiyé. Seka sampah plastik bekas jajanan warung, kopi utawa plastik liyané uga bisa. Bal tendang kiyé bisa dienggo nggo bal futsal nggo orang kaplak lan bisa uga bal futsal nggo bocah-bocah karo bisa nggo latihan kiper nang lapangan gedhé.
“Nggo rega standar bal seka plastik kresek kiyé, bal futsal nggo wong kaplak Rp 100 éwu lan nggo bocah-bocah Rp 40 éwu,” ungkapé.
Produk bal tendan karo bahan limbah sampah plastik kiyé nembé diproduksi lan durung dipromosikna maring luar daérah. Bal plastik kiyé nembé dipromosikna nang lingkungan désa lan kecamatan tok.
“Bal plastik kiyé ésih neng prosés, muha-muha produk anyar kiyé bisa berkembang lan bisa lewih sempurna maning,” omongé. (*)
ADVERTISEMENT