Pitulasan, Pendaki Ramé-ramé Manjat Maring Gunung Slamet

Konten Media Partner
18 Agustus 2022 20:00 WIB
·
waktu baca 1 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Para pendaki sing siap munggah Gunung Slamet via Permadi Guci.
zoom-in-whitePerbesar
Para pendaki sing siap munggah Gunung Slamet via Permadi Guci.
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL – Momén HUT ke-77 Kemerdekaan Republik Indonesia (RI) utawa pitulasan dienggo daning para pendaki nggo manjat maring pucuk Gunung Slamet. Dhéwéké pada ramé-ramé manjat maring gunung sing paling dhuwur nang Jawa Tengah, Gunung Slamet.
ADVERTISEMENT
Para pendaki nganakna upacara nang Pucuk Tugu Jendral TNI AD Soerono lan ngibarna bendéra abang putih nang pucuk gunung sing dhuwuré tekan 3428 Mdpl.
Pengelola Basecamp Permadi Guci, Sofyan ngomong, pendakian Gunung Slamet via Guci Kabupatén Tegal wis molai ramé sajegé dina Saptu (14/8/2022). "Tapi puncak raméné kuwé lagi dina Slasa (16/8/2022). Kuwé akéh sing manjat,” tutur Sofyan maring PanturaPost, Kamis (16/8/2022).
Jaréné, jumlah pendaki pas lagi tanggal 16 Agustus kuwé nganti 100 wong. Pendaki sing manjat kuwé asalé seka pendaki Tegal lan luar kota. Kaya seka Palembang, Medan, Padang, Tanjung Pinang, Lampung lan daérah liyané.
“Rata-rata pendaki sing manjat péngin ngrayakna momén hari kemerdekaan nang pucuk gunung paling dhuwur nang Jawa Tengah,” pungkasé. (*)
ADVERTISEMENT