Senajan Sekolane Mung Tekan MI, Cah Nom Nang Tegal Bisa Gawe Robot

Konten Media Partner
29 Juni 2020 17:09 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Prototipe robot pengantar obat untuk pasien COVID-19. (Foto: Dok. Humas Pemkab Tegal)
zoom-in-whitePerbesar
Prototipe robot pengantar obat untuk pasien COVID-19. (Foto: Dok. Humas Pemkab Tegal)
ADVERTISEMENT
TEGAL – Senajan ora sekola duwur, mung anjog Madrasah Ibtidaiyah (MI), ora nugel semangate Abdul Wahab (31) nggo nggawe karya. Cah enom seka Desa Gantungan, Kecamatan Jatinegara, Kabupaten Tegal kuwe karo kanca-kancane nyiptakna robot sing bisa nganter obat nggo pasien COVID-19.
ADVERTISEMENT
Patang wong sing ngrewangi Abdul Wahab nyiptakna prototipe robot kuwe yakuwe Ahmad Maliki (21), Royan (28), Patihin (30), Nursalim (40). Duwe sangu kemampuan nang bidang mekanik lan pemrograman aplikasi line following karo basa C, dheweke mampu nyiptakna robot kuwe, sing jelase bisa dienggo nggo ngrewangi tenaga medis wayah ngrawat pasien COVID-19.
"Saiki pancen dhewek mbeke bisa ngrancang robot sing gerak nyusuri lintasan sing bentuke garis. Alhamdulillah, didukung Ibu Bupati," omonge Abdul Wahab, dina Jemuah (26/6/2020) .
Robot kuwe ya dheweke simulasikna nang adepane Bupati Tegal Umi Azizah, Kepala Dinas Kesehatan (Dinkes), Wakil Direktur RSUD dr Soeselo nang Pendopo Amangkurat, Pemkab Tegal. Sawise olih respon positif seka Bupati Tegal, Abdul Wahab ya semangat lan nyatakna pan ngusahakna nggo ngembangna robot karo sensor liyane sing bisa maca koordinat tanpa kudu nggunakna stiker garis sing ditempelna nang jogan.
ADVERTISEMENT
Nggo proses gawene, Wahab, ngentekna duwit sekitar Rp 5.000.000 sing kekumpul seka bajongan bareng karo batir-batire. Lah, nggo proses gawe robot sing diwein aran "Nyong Tegal" kuwe mangan waktu sekitar sawulan. Sengaja dirancang nggo ngrewangi tugas tenaga medis sing nangani pasien COVID-19 nang Rumah Sakit.
"Robot kiye pancen didesain bentuke rak, eben bisa ngater obat maring pasien COVID-19 nang ruang isolasi. Angger ide maune tah wayah deleng nang TV. Ana tayangan robot luar negri. Sekang kono kuwe nyong akhire nacak nggawe robot," ungkape.
Sementara kuwe, Bupati Tegal Umi Azizah ngaku gumun karo kreatifitase bocah-bocah enom seka Jatinegara sing dimotori daning Abdul Wahab, santripreneur sing mung mambu padung Madrasah Ibtidaiyah utawa ora lulus pendidikan SMP acan. Pasale, robot sing dipepeki karo sensor pengambilan obat lan pesen suwara kiye nggawe gampang pasien njukut obate.
ADVERTISEMENT
"Nyong ngarep-arep nemen prototipe robot kiye sacepete bisa dikembangna eben tambah pantes wayah dinggo dadi alat bantu rumah sakit nggo ngurangi kontak pasien positif COVID-19 karo petugas-petugase," omonge.
Senajan rupane esih prototipe lan perlu proses nggo disempurnakna maning, tapi Umi krasa seneng lan bungah karo karya kreatife bocah-bocah enom seka Dukuh Asem, Desa Gantungan, Kecamatan Jatinegara kiye.
"Nyong njaluk robot kiye bisa langsung diujicobakna nang RSUD dr Soeselo nggo selanjute dievaluasi lan dicocogna karo kebutuhan sing nganggone, yakuwe tenaga medis Rumah Sakit," jalukane. (*)