Konten Media Partner

Taman Pancasila Kota Tegal Wis Dibuka Nggo Umum, Tapi Pengunjungé Diwatesi

29 Oktober 2021 20:22 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Taman Pancasila Kota Tegal
zoom-in-whitePerbesar
Taman Pancasila Kota Tegal
ADVERTISEMENT
KOTA TEGAL — Taman Pancasila Kota Tegal secara resmi dibuka nggo masarakat umum, dina Kemis (28/10/2021). Nganggo cara simbolis taman dibuka daning Wali Kota Tegal, Dedy Yon Supriyono bareng karo Deputy Eksekutif Fast Presiden KAI Daop IV Semarang, Setio Rini.
ADVERTISEMENT
Kepala Disperkim Kota Tegal Eko Setyawan nyampékna, taman dibuka nggo umum, pengunjung kudu nuruti tata tertib sing wis ditentukna. Pihaké pan nyiapna penjaga nggo nglasanakna tata tertib (tatib) nang Taman Pancasila.
Nggo tata tertib pengunjung Taman Pancasila kiyé sifaté sementara, madhakna karo kondisi lan situasi Corona. "Angger mengkoné masarakat pengunjung angél nggo dikendalikna, Pak Wali durung ngolihna nggo mbuka Alun-alun," omongé Eko.
Nggo ngindangi kedadéné rumbengan pengunjung, pan diatur jumlah pengunjung lan waktu kunjungan. Antara liya, waktu berkunjung bisa manjing maring njero Taman Pancasila neng dina Senén-Jumat molai jam papat soré nganti jam sanga bengi.
Sedengé neng dina Saptu lan Minggu ésuk dibuka molai jam enem nganti jam sepuluh lan soré molai jam papat nganti jam sepuluh bengi. Sementara wayah Sembayang Magrib tutup jam setengah enem nganti jam setengah pitu.
ADVERTISEMENT
Eko ngomong masing-masing pengunjung mengkoné pan olih kartu antrian. Sebab, waktu berkunjung diwatesi karo saben sif diwatesi maksimal 20 menit lan jumlah pengunjung nang jero Taman maksimal jumlahé 50 wong pengunjung.
"Pengunjung diwajibna nglakoni prokes 5M lan nudukna bukti wis nglakoni vaksinasi COVID-19," terangé Eko.
Sementara kuwé, Wali Kota Dedy Yon ngarep-arep ébén taman sing wis dibangun kiyé bisa diingu karo apik lan bisa didadékna ruang publik nggo masarakat.
"Muga-muga masarakat bisa padha-padha njaga lan nresnani taman-taman sing ana nang Kota Tegal lan mélu ngrawat lan ora mbodhol utawa nyorat-nyoret," omongé Dedy.
Dedy nekana, senajan Taman Pancasila wis dibuka, tapi neng situasi pageblug kiyé masarakat tetep nglakoni protokol keséhatan karo tetep njaga jarak ébén ora kedadén rumbengan. Dadiné ora nganti kedadén klaster-klaster anyar.
ADVERTISEMENT
Jaréné Dedy, senajan hasil vaksin wis apik lan PPKM Kota Tegal wis lével 1, tetep kudu njaga protokol keséhatan. "Dhéwék kabéh ngarep-arep ébén Kota Tegal laka maning Corona," harapané Dedy Yon. (*)