Kumparan Logo
Konten Media Partner

Tempat Wisata nganti Alun-alun Brebes Ditutup Merga Status Zona Abang Corona

PanturaPostverified-green

·waktu baca 2 menit

clock
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical
Tempat wisata Randusanga Indah Brebes ditutup. (Foto: Fajar Eko)
zoom-in-whitePerbesar
Tempat wisata Randusanga Indah Brebes ditutup. (Foto: Fajar Eko)

BREBES — Pemkab Brebes molai mbatesi kegiatané masarakat lan nutup ana pirang tempat umum, dina Rebo (30/6/2021). Cara kuwé dilakokna, sawisé Brebes manjing status zona abang Corona.

Sekda Brebes Djoko Gunawan ngomong, ana pirang tempat Alun-alun Brebes, taman dolanan, uga tempat wisata ditutup ngantikan waktu sing durung ditentukna.

Sadurungé, dhéwéké ngomong, pancén ana loro obyék wisata sing ora ditutup, senajan wis ana surat édaran Bupati Brebes kekait didawaniné PPKM Mikro nggo daérah zona abang.

"Angger Minggu wingi Pantai Randusanga Indah (Parin) lan obyék wisata Waduk Malahayu pancén durung ditutup. Tapi saiki wis ditutup," omongé Djoko Gunawan, dina Rebo 30 Juni 2021.

Malah, Pemkab Brebes wis mréntahna dinas kekait kaya Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Dinbudpar) nggo nutup kabéh obyék wisata. Pihaké uga wis njaluk Dinas Lingkungan Hidup dan Pengelolaan Sampah (DLHPS) nggo nutup sakabéhanéng panggonan utawa tempat umum nang Kabupatén Brebes.

"Alun-alun Brebes, Taman Monumén Juang 45, Taman Édukasi, lan taman-taman sing liyané wis ditutup kabéh," jelasé.

Saliyané kuwé, tempat umum kaya kafé, réstoran lan warung makan uga bukané dikurangi. Yakuwé mung nganti jam wolu bengi.

Dhéwéké dijaluk nggo luwih ngutamakna layanan pesen antar. Jumlahé pengunjung uga diwatesi mung 25 persén seka kapasitas.

"Kabéh pan diwatesi nganti anané dandanan status risiko epidemiologi nang Kabupatén Brebes," ungkapé.

Dhéwéké nglanjutna, nggo sing pan ngadakna acara kaya rapat, hiburan, hajatan, kawinan lan sunatan nang hotél utawa tempat liya maksimal mung 25 persén seka kapasitas tempat.

Kegiatan kiyé uga diwatesi karo durasi lawasé rong jam lan mung nganti jam wolu bengi. Lah, angger nggo kegiatan sosial budaya dilangkakna utawa ditutup.

"Nggo kegiatan sosial budaya kaya tontonan kesenian nang alun-alun, tempat wisata, GOR, taman lan sabangsané dipenging utawa ditutup," pungkasé. (*)