Wali Murid pada Ngresula Biaya Sekola, 77 Kepala SMPN nang Brebes Diundang

Konten Media Partner
4 November 2022 20:28 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
DPRD Brebes wayah Rapat Dengar Pendapat (RDP) masalah biaya bocah sekola.
zoom-in-whitePerbesar
DPRD Brebes wayah Rapat Dengar Pendapat (RDP) masalah biaya bocah sekola.
ADVERTISEMENT
BREBES – Sacuilé ana 77 kepala Sekolah Menengah Pertama (SMP) Negeri nang Kabupatén Brebes diwanti-wanti masalah biaya bocah sekola, neng bentuk iuran utawané sumbangan sekolah. Pasalé, wali murid pada ngresula kekait sumbangan lan iuran sing ésih ana.
ADVERTISEMENT
Ketua Komisi IV DPRD Brebes Tri Murdiningsih wektu Rapat Dengar Pendapat (RDP) lan mékena arahan nggo nanggepi hal kuwé neng ruang paripurna DPRD, dina Kemis (3/11/2022).
“Akéhé masalah pungutan neng sekolah kudu dadi évaluasi komunikasi antara kepala sekolah karo komite. Soalé, ketentuan sumbangan wis diatur neng Permendikbud Nomor 75/ 2016,” jaré Tri Murdiningsih.
Dhéwéké mbébérna ana pirang persoalan sing dadi catetané. Neng antarané, ésih akéh kepala sekolah sing dianggep ésih lemah nggo njalin komunikasi. Khususé, wektu mbahas lan nentukna sumbangan sing durung disesuaikna régulasi. Malah bisa dadi nggawé permasalahan hukum merga kurangé perencanaan.
Saliyané kuwé, uga transparansi karo penjabaran jalukan sumbangan seka wali murid. Akibaté, nggawé akéh pandangan négatif soalé ora dijelasna tujuan sumbangané nggo apa.
ADVERTISEMENT
“Kebutuhan pembangunan fisik sekolah pancén perlu diperhatikna bareng-bareng. Supaya, formulasi guyub lan gotong royong uga kudu disepakati antara sekolah lan wali murid,” jaré Politisi PDIP kuwé.
Sementara kuwé, Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Brebes Caridah ngaprésiasi upaya Komisi IV sing merhatikna masalah sumbangan sekolah.
Jaréné, RDP khusus karo kabéh kepala SMP Negeri kiyé mbantu nemen penyamaan persépsi. Khususé, bareng-bareng wektu mbahas kebutuhan sumbangan karo Rencana Anggaran Belanja sing jelas.
"Soalé sumbangan karo pungutan, perbedaané tipis nemen dadiné kudu ati-ati. Pembahasané uga kudu nglibatna komité, wali murid lan kabéh élemén ébén ora salah persépsi,” jaré Caridah.
Jaréné, hal siji sing wajib digarisbawahi daning kabéh kepala sekolah kekait sumbangan pendidikan. Yakuwé, aja nganti mberatna wali murid neng sekolah kuwé. Khususé, ngakomodir ketentuan 20 persén siswa ora mampu kudu difasilitasi subsidi silang. Malah, berdasarkan Permendikbud nomor 75 tahun 2016 sudah jelas mengatur mekanisme sumbangan.
ADVERTISEMENT
“Lan uga termasuk, dijabarna Perbup Nomor 11 Tahun 2021 sebagai acuan manajemen komunitas sekolah, terutama sumbangan pendidikan. Jadi kami harap kenapa sekolah mengerti dan memahami acuan aturan itu,” pungkasé. (*)