Konten Media Partner

Wayah Badanan, Alun-alun karo Taman Pancasila Kota Tegal Ora Sida Dibuka

28 April 2021 15:32 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Alun-alun Kota Tegal. (Foto: Setyadi)
zoom-in-whitePerbesar
Alun-alun Kota Tegal. (Foto: Setyadi)
ADVERTISEMENT
sosmed-whatsapp-green
kumparan Hadir di WhatsApp Channel
Follow
TEGAL — Pemréntah Kota Tegal batal mbuka Alun-alun Kota Tegal lan Taman Pancasila wayah Badanan mengko. Keputusan kuwé hasil Rapat Koordinasi Forum Komunikasi Pimpinan Daérah (Forkopimda) bareng karo Kepala Organisasi Perangkat Daérah (OPD) nang ruang Adipura Komplék Balé Kota Tegal, dina Slasa (27/4/2021).
ADVERTISEMENT
Sadurungé, Kapolrés AKBP Rita Wulandari, Dandim Létkol Inf Sutan Pandapotan, Kajari Jasri Umar, Danlanal Létkol Mar Ridwan Aziz, Ketua PN Djoni Witanto, lan Wakil Ketua DPRD Wasmad Édi Susilo ngarep-arep sementara ora dibuka ngéling-éling situasi pageblug Corona.
Wali Kota Tegal, Dédy Yon Supriyono, ngomong sabeneré laka istilah dibuka utawa ditutup nggo lapangan Alun-alun lan Taman Pancasila dadi ruang publik.
"Ditutupé Alun-alun yakuwé merga lagi ana pembangunan. Wayah pragat, sekat lan adang-adang ora dibuka ngéling-éling antisipasi nggo poténsi rumbengan nang wayah pageblug Corona," jaré Dédy.
Sing dongé ditutup, jaré dhéwéké, yakuwé jalur-jalur sing nuju maring taman utawa lapangan kuwé. Pemkot pan nyiapna sekat tutup jalur sing nuju maring Alun-alun lan Taman Pancasila.
ADVERTISEMENT
Tapi akhire Rakor Forkopimda kuwé mutusna ari lapangan Alun-alun ésih ditutup, lan ora bisa dienggo nggo salat Ied.
Sadurungé, usulan mbuka lapangan Alun-alun uga teka seka pengurus Masjid Agung sing ngirimna surat permohonan maring Wali Kota Tegal.
Pengurus Masjid Agung, Abdul Khayi, nyampékna sawisé olih hasil seka rakor kuwé, pihaké ngaku nrima apa baé hasil putusan sing wis disepakati bareng. Mauné, permohonan lapangan dibuka ébén bisa dienggo nggo salat Ied.
"Intiné dhéwék nyerahna maring putusan sing dijukut daning Pemkot utawa Satgas COVID-19," omongé Khayi. (*)