Wong 3 nang Tonjong Brebes Dicekel Gara-gara Krédit Bodong, Salah Sijiné Pamong

Konten Media Partner
3 November 2022 20:38 WIB
·
waktu baca 2 menit
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Kejari Brebes nahan wong telu sing mélu kasus krédit fiktif utawa bodong bank BUMN, dina Rebo (2/11/2022).
zoom-in-whitePerbesar
Kejari Brebes nahan wong telu sing mélu kasus krédit fiktif utawa bodong bank BUMN, dina Rebo (2/11/2022).
ADVERTISEMENT
BREBES – Penyidik Pidana Khusus Kejaksaan Negeri (Kejari) Brebes nahan wong telu sing mélu kasus krédit fiktif utawa bodong bank BUMN, dina Rebo (2/11/2022). Diperkirakan kasus kiyé nggawé tuna tekan Rp 2,9 miliar.
ADVERTISEMENT
Ketelu tersangkané yakuwé, Hermanto (41), pamong, Warikah (77), lan Sujono (31). Kabéh warga Désa Rajawetan, Kecamatan Tonjong, Brebes. Dhéwéké tugasé dadi calo nasabah karo nggawé data nasabah bodong nggo ngemplang dana seka bank plat abang kuwé.
Sadurungé, Kejari Brebes wis nahan karyawan bank BUMN sing kerjané dadi Account Officer (AO) utawa marketing sing arané Aditya Cahya Nugroho (33) warga Désa Gunungagung, Kecamatan Bumijawa, Kabupatén Tegal, kekait kasus kuwé.
Kepala Kejari Brebes Mernawati metung Kasi Pidsus Naseh ngomong, ketelu tersangka kiyé melu neng dugaan tindak pidana korupsi wektu luruh nasabah bodong kekait pinjaman fiktif période 2018-2019.
“Keteluné kiyé tugasé dadi tukang luruh data calon nasabah (calo). Sabeneré ana siji tersangka maning, tapi dina kiyé sing bersangkutan wis dhéwék undang ping telu tapi ora teka. Pan tak uber,” jaré Naseh.
ADVERTISEMENT
Jaréné, ditetepna lan ditahané ketelu tersangka kiyé seka hasil pengembangan mantan karyawan bank sing wis ditibani vonis majelis hakim nang Pengadilan Tipikor Semarang.
“Ketelu tersangka sing ditahan merga tugasé ngréwangi ngumpulan data berkas krédit bodong. Kaya KTP lan KK,” jelasé.
Ketelu tersangka saiki dadi tahanan kejaksaan nganti 20 dina mengarep. Dhéwéké dititipna maring Lapas Kelas IIB Brebes, mbari ngenténi prosés sidang nang Pengadilan Tipikor Semarang.
Gara-gara kasus kiyé, ketelu tersangka dijerat pasal berlapis. Yakuwé Primer pasal 2 Ayat (1) Jo pasal 18 Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 20 Tahun 2001 tentang Perubahan Atas undang-Undang Republik Indonesia Nomor 31 Tahun 1999 tentang Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi Jo pasal 55 Ayat (1) ke 1 KUHP Jo pasal 64 Ayat (1) KUHP.
ADVERTISEMENT
Latané subsider pasal 3 Jo pasal 18 Undang-Undang Republik Indonesia Nomor 20 Tahun 2001 tentang Perubahan Atas Undang-Undang Republik Indonesia nomor 31 Tahun 1999 tentang Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi Jo pasal 55 Ayat (1) ke 1 KUHP Jo pasal 64 Ayat (1) KUHP.
“Ketelu tersangka keancem kurungan penjara minimal 5 taun penjara lan maksimal 20 taun penjara,” pungkasé. (*)