Wong Pemalang Diréok Polisi Wayah Lagi Dolanan Judi Togél Onlén nang Warung

Konten Media Partner
28 Maret 2021 20:14 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Petugas nggawa wong sing keréok lagi judi togél onliné.
zoom-in-whitePerbesar
Petugas nggawa wong sing keréok lagi judi togél onliné.
ADVERTISEMENT
PEMALANG — Polisi maning-maning ngréok wong sing nglakokna judi togél nang Pemalang. Petugas ngréok pelaku judi togél wayah lagi nglakoni patroli nang wilayah Petarukan.
ADVERTISEMENT
Kapolrés Pemalang, AKBP Ronny Tri Prasetyo Nugroho, ngomong, pelaku diréok pas dina Kemis (25/3/2021). Awalé dhéwéké olih informasi anané judi togél lan langsung mréntahna personél Satuan Réskrim Polrés Pemalang nggo nglakoni penyelidikan karo nekani lokasi.
"Seka informasi sing diolihi, ari bener, nang salah siji warung sing ana nang Petarukan ana wong sing lagi nglakoni dolanan judi togél onlén," jaréné, dina Saptu (27/3/2021).
Lubar nemoni anané prakték judi togél, personil langsung gerak nuju maring TKP lan ngamankna tersangka TAW (36) karo barang buktiné. Saiki, tersangka wis diamankna, lan lagi dipriksa nang Polrés Pemalang.
"Tersangka TAW dhewek diwéin pasal 303 ayat 1 maring 1e lan 2e KUHP karo anceman ukuman maksimal 10 taun penjara," jaréné.
ADVERTISEMENT
Ora mung kuwé, Ronny nglanjutna, durung suwé kiyé Satuan Réskrim Polrés Pemalang uga wis ngréok wong loro sing dadi tersangka kasus tindak pidana perjudian werna togél nang wilayah Kabupatén Pemalang. Hal kiyé dadi bukti ari Polrés Pemalang nduwéni tekad sing temenanan nggo mbrantas kabéh bentuk prakték perjudian. Termasuk judi togél sing ngresahna masarakat.
"Kekarepané, tindakan teges maring pelaku perjudian bisa nguduna angka kriminalitas, uga njaga kondusifitas kamtibmas nang wilayah Kabupatén Pemalang," tegasé. (*)