Kumparan Logo
Konten Media Partner

Wong Tegal Ilang Kegéréd Arus Pas Lagi Mancing nang Kali

PanturaPostverified-green

·waktu baca 1 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical
Ilustrasi (Gerd Altmann/Pixabay)
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi (Gerd Altmann/Pixabay)

TEGAL – Wong Désa Harjawinangun, Kecamatan Balapulang, Kabupatén Tegal, sing arané Andi, ilang kegéréd arus pas lagi mancing nang kali wilayah Désa Danaraja, Kecamatan Margasari, dina Slasa (12/7/2022).

Informasi sing diolihi, sekitar jam setengah lima soré, Andi bareng karo rong batiré, Edi lan Nasir, mancing nang kali Désa Danaraja. Kec. Margasari, Kab. Tegal. Pas lagi mancing, Edi lan Andi, posisiné madan maring tengah kali. Angger Nasir madan maring pinggir. Lokasiné ora adoh seka brug kali.

Wektu kuwé, Nasir ngileng banyu kali seka nduwur ujug-ujug lumayan gedhé. Nasir coba gemboran maring Edi lan Andi ébén cepet mentas.

“Nasir gemboran pas ngileng banyu kali seka nduwur. Gemboran ngongkon Edi lan Andi minggir maring kali. Pas kuwé Edi bisa minggir. Tapi Andi telat manjat maring nduwur lan kegawa banyu sing lumayan gedhé kuwé,” ungkapé Slamet, salah siji keluargané Edi, (12/7/2022).

Nganti saiki, jaréné, Andi ésih lagi digolét nang kali kuwé. Keluarga lan masyarakat mélu pada nggoléti.

Sementara kuwé, Kepala Désa Harjawinangun, Badruzzaman pas dikonfirmasi ngomong, warga sing kéli nang kali saiki ésih lagi digolét. (*)