Wong Wadon sing Nyulik Bocah nang Tegal Merga Pengin Duwe Anak

TEGAL — Pelaku sing nyulik bocah wadon loro nang Tegal akhiré kecekel Satréskrim Polrés Tegal Kota. Sadurungé dheweke nyulik korban seka Kelurahan Kraton, Kecamatan Tegal Barat Kota Tegal sing kedadén nang dina Kemis (10/12/2020) wingi.
Kapolrés Tegal Kota AKBP Rita Wulandari ngungkapna, alesan pelaku sing huruf ngarepé NM (26) seka Désa Karangasem, Kecamatan/Kabupatén Batang jebulé kepéngin nduwéni anak soalé wis mbojo ping enem ora baé nduwéni turunan.
"Pelaku ngaku soalé wis ping enem Mbojo ora duwé anak. Mugané kepéngin korban nggo diingu," omongé Rita didampingi Kasatréskrim AKP Syuaib Abdullah, wayah ungkap kasus nang Mapolrés Tegal Kota, dina Senen (14/12/2020).
Rita ngomong, pelaku sadurungé ngenal kluwarga korban soalé tau nyambut gawé nang umahé. Sadina sadurungé MR (8) lan AL (7) diculik, pelaku teka lan nginep sawengi.
Pas kuwé, mbahé korban njaluk pelaku lunga maring warung lan putuné sing loro mélu ngintil. Ngantikan akhiré korban digawa mlayu pelaku ngantikan maring Cirebon.
"Sa dina sawisé dilaporna, penyidik Satréskrim bisa nemukn bocah loro karo pelakuné nang Cirebon. Pelaku sadurungé ngenal kluwarga korban soalé tau nyambut gawé nang umahé," jaré Rita.
Senajan kaya kuwé, Rita ngaku pihaké pan mriksa kondisi kejiwaané korban. Dhéwéké uga pesen ébén masarakat ora gampang ngandel karo sapa baé lan terusan njaga bocah-bocahé.
"Aja kaya kuwé ngandelna bocah-bocahé dhéwék karo sapa baé, senajan karo wong sing dhéwék kenal. Jaga lan lindungi bocah-bocahé dhéwék," pesené Kapolrés.
Dibritakna sadurungé, MR (8) lan AL (7), bocah wadon loro nang Kota Tegal dinyana diculik lan digawa maring Cirebon nang dina Kemis (10/12/2020) wingi. Keloroné ditemukna nang wilayah Kecamatan Pangenan, Kabupatén Cirebon, Jawa Barat, dina Jemuah (11/12/2020) bengi lan balik maring Tegal nang dina Saptu (12/12/2020). (*)
