Konten dari Pengguna

Contoh Cerita Legenda Bahasa Jawa yang Penuh Makna

Ragam Info

Ragam Info

Ragam Info

ยทwaktu baca 4 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Ragam Info tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Ilustrasi contoh cerita legenda Bahasa Jawa. Sumber foto: Pixabay/Vilkasss
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi contoh cerita legenda Bahasa Jawa. Sumber foto: Pixabay/Vilkasss

Legenda merupakan cerita yang memuat unsur peristiwa di masa lalu. Bentuk teks ini dapat dituliskan dengan menggunakan ragam bahasa daerah, salah satunya, yaitu Bahasa Jawa. Oleh karenanya, contoh cerita legenda Bahasa Jawa dapat menjadi referensi dalam mempelajari jenis teks tersebut.

Cerita legenda termasuk bentuk teks yang mudah dikenali, karena mempunyai keunikan tersendiri. Adapun beberapa karakteristik legenda di antaranya, yaitu bersifat sekuler (keduniawian), tokoh berupa manusia, dan dikenal luas di daerah-daerah yang berbeda.

Contoh Cerita Legenda Bahasa Jawa yang Sarat Makna

Ilustrasi contoh cerita legenda Bahasa Jawa. Sumber foto: Pixabay/Mysticsartdesign

Menurut buku Fabel dan Legenda, Putri Megawati, dkk, (2020:53), legenda adalah cerita rakyat yang dianggap oleh sebagai sesuatu yang benar-benar terjadi. Umumnya legenda juga dikaitkan dengan tokoh sejarah, kisah keajaiban, kesaktian, dan keistimewaan tokohnya.

Sama seperti legenda pada umumnya, dalam cerita legenda Bahasa Jawa juga tersusun atas beberapa struktur teks, meliputi orientasi, komplikasi, resolusi, dan koda.

Agar lebih jelasnya, di bawah ini terakhir contoh cerita legenda Bahasa Jawa yang menarik untuk disimak lebih lanjut dikutip dari buku Cerita Rakyat Jawa Tengah dalam Tiga Bahasa, Tirto Suwondo, (2014:129-134).

Rawa Pening

Ing nalika jaman semana, ing padhukuhan Ngasem ana wong wadon kanthi aran Endang Sawitri. Sakabehing warga dhukuh padha weruh yen Endang Sawitri urip dhewekan. Sawijining dina, Endang Sawitri krasa arep babaran.

Endang Sawitri celuk-celuk tangga teparo. Guyub rukun para warga enggal mara, aweh pitulungan marang Endang Sawitri. Saiba kagete para warga amarga sing lair dudu jabang bayi, ananging awujud naga. Banget nggumunake, naga mau bisa tata jalma kaya manungsa. Sabanjure, naga mau dijenengi Baro Klinthing.

Lumakuning wektu, Baro Klinthing kang wus agal takon marang biyunge, sapa sejatining ramane. Biyunge banjur mangsuli menawi raja kang saiki lagi mretapa ing sawijining guwa ing ereng-erenging Gunung Telamaya rama Baro Klinting.

Kanthi bungah Baro Klinthing miyat mangkat menyang pretapan Ki Hajar Salokantara, ramane. Sawuse ngumbara sawutara suwe, Baro Klinthing mlebu guwa kanthi kurmat lan ketemu ngarepe Ki Hajar Salokantara.

Kanthi bukti klintingan kang digawa kuwi Ki Hajar bisa nyetitekake mbok manawa Baro Klinthing bener putrane. Ananging, Ki Hajar prelu bukti liyane kang bisa nuduhake yeng naga mau bener putrane, yaitu Baro Klinting mlungkeri Gunung Telamaya nganggo awake dhewe.

Baro Klinthing enggal mangkat menyang ereng-erenge Gunung Telamaya. Dheweke mbudi daya supaya kasil mlungkeri gunung kuwi mau nganggo awake. Kanthi palilah Sang Hyang Akarya Jagad, Baro Klinthing kasil. Sabanjure Ki Hajar paring dhawuh marang Baro Klinthing supaya mretapa ing ereng-enrenge gunung.

Sawijining dina, warga Dhukuh Pathok nggelar pista sadekah bumi. Para warga mbedhag sato kewan menyang alas kanggo lawuhing pista. Nanging, para warga mau ora ana sing entuk kewan. Sabanjure para warga weruh ula kang gedhe banget sing lagi mretapa ing perenging gunung. Cekat ceket para warga enggal mateni ula gedhe lan daginge enggal digawa bali menyang desa kanggo pista.

Nalika regeng-regenging pista, dumadakan ana bocah teka. Bocah lanang katon lethek lan nandang korengen. Bocah mau banjur marani saben omah lan ngemis pangan. Ananging, ora ana warga kang tuwuh welas asihe. Kanthi praupan kang sengit, para warga banjur meksa bocah mau supaya lunga adoh.

Kanthi ati ngenes, dheweke mlaku tekan sawijining omah kang pungkasan, yaiku omahe Nyai Latung. Nyai enggal jupuk banyu lan enggal diombe bocah mau kanthi rikat amarga kengelaken. Sawuse kuwi, dheweke ngaturake panuwun lan nyuwun pamit.

Ora sawatara suwe, Baro Klinthing bali menyang krameaning pista. Kanthi gorehing ati, Baro Klinthing banjur gawe sayembara. Dheweke banjur nancepake sada menyang lemah. Siji mbaka siji, warga ngupadaya amrih bisa dudut sada mau. Ora ana kang kasil. Sabanjure para warga padha njabut bebarengan. Panggah ora kasil!

Mung kanthi tangan siji, bocah kuwi alon-alon dudut sada katon entheng wae. Banjur banyu muncrat saka bolongan tumanceping sada mau. Nyai Lantung mireng titir saka kadohan. Dheweke banjur eling marang welinge bocah kang wus ditulung. Rikat, dheweke banjur ndhodhoginglesung. Banyu sansaya agung lan padhukuhan kelep. Nyai Latung nyawang akeh para warga kang padha klelep tan bisa antuk slamet.

Sawuse sauntara wektu, lesunge Nyai Latung sithik mbaka sithik keterak ombak, kagawa menyang pinggir. Mung dheweke kang kasil slamet saka banjir. Warga liyane padha mati kintir. Banyu panggah ora angok lan kepara dadi rawa kang amba. Rawa mau ing rejaning jaman banjur diarani Rawa Pening amarga banyune kang banget bening.

Itulah contoh cerita legenda Bahasa Jawa yang dapat dipelajari. Contoh tersebut mengandung nilai-nilai moral dalam kehidupan yang dapat memberikan pesan bagi pembaca. Semoga bermanfaat. (Riyana)

Baca Juga: 30 Contoh Tembung Rangkep dalam Bahasa Jawa