Konten dari Pengguna

2 Contoh Khutbah Isra Miraj Bahasa Jawa yang Penuh Makna

Berita Hari Ini

Berita Hari Ini

Menyajikan informasi terkini, terbaru, dan terupdate mulai dari politik, bisnis, selebriti, lifestyle, dan masih banyak lagi.

·waktu baca 9 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Berita Hari Ini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Ilustrasi umat Islam memperingati Isra Miraj. Foto: Unsplash
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi umat Islam memperingati Isra Miraj. Foto: Unsplash

Khutbah merupakan ceramah keagamaan yang biasa dibawakan dalam ibadah seperti salat Jumat, Idulfitri, atau akad nikah. Materi khutbah disampaikan untuk memperkuat keimanan dan ketakwaan kepada Allah SWT.

Tema khutbah bisa beragam dan disesuaikan dengan kondisi atau momentum tertentu, misalnya Isra Miraj yang diperingati setiap 27 Rajab. Dengan mengangkat topik ini, umat Islam diajak untuk memahami perjalanan spiritual Nabi Muhammad SAW sekaligus menegaskan pentingnya menjalankan sholat lima waktu.

Khutbah bisa disampaikan dalam berbagai bahasa, salah satunya bahasa Jawa. Bagi khatib yang tengah mencari khutbah Isra Miraj bahasa Jawa, simak ragam contohnya berikut ini.

Contoh Khutbah Isra Miraj Bahasa Jawa

Ilustrasi contoh khutbah Isra Mi'raj dalam bahasa Jawa. Foto: Unsplash

Berikut adalah beberapa contoh khutbah Isra Mi'raj dalam bahasa Jawa yang dapat dijadikan referensi bagi khatib yang bertugas.

Contoh Khutbah 1

Piwucal Saking Isra’ Mi’raj

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Isra’ mi’raj punika prastawa agung ingkang kaserat ing sejarah pinangka piwucal dhateng sedaya umat manungsa. Ngendika Allah:

سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَىٰ بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

“Maha Suci Allah kang wus nglakoake kawulaNe Muhammad, ing sawijining wengi, saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsa, kang ingsung berkahi ing sakiwa tengene, ingsung kanggo nuduhake marang deweke saweneh tandha Yekti Ingsun, Sanyata Panjenegane Allah iku Maha Miyarsa sarta Maha Priksa”. (Al- Isra’:1)

Jamaah jumah rahimakumullah

Piwucal saking Isra’ mi’raj punika katah sanget ingkang nedahaken agungipun lan minulyanipun prastawa punika. Wonten khutbah siang punika khatib badhe ngaturaken seperangan alit kemawon saking piwucal isra’ mi’raj. Inggih punika wigatosipun ngresiki ati saking rereget. Dipunsebataken wonten ing hadits Imam Bukhari nomer 4709 lan Imam Muslim nomer 163: “nalika aku dedepe marang Allah ana ing Hatim (ka’bah) mula teka sawijinig wong (Malaikat Jibril) banjur mbedah dadaku ngati tekan wetengku. Wong iku banjur njupuk atiku dicuci kanthi banyu zam- zam lan diisi kanthi iman lan hikmah…”

Prastawa punika kagungan maksud bilih sakderengipun Rasulullah dipunmi’rajaken minggah langit sowan Allah Ta’ala supados wonten kahanan resik lan suci. Saking kedadosan punika Islam paring piwucal dhateng sedaya umatipun menggah wigatosipun ngresiki ati saking rereget. amargi rereget punika menawi mboten dipun bucal saget nutupi ati saking hidayah lan kesaenan. Menawi ati punika reget mila awrat nampi pitedah agami. Mboten saget mbentenaken pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat. satemah badhe tebih saking tuntunan ingkang utama. Tembe akhiripun mboten saget nggayuh kamulyan panggesangan wonten ing dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah:

أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ،

وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ

“Sira mangertia, menawa ana ing jasad iku ana sawijining daging kang menawa apik daging iku mula ndadekake apike kabeh jasad. Lan menawa ala daging iku mula ndadekake alane kabeh jasad. Mangertia daging iku kang jenege ati”. (HR. Bukhari:52 Lan Muslim:1599).

Ngendika Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu: “Ati iku kayadene raja lan anggota badan liyane iku pasukane. Menawa raja iku becik mula ndadekake beciking kabeh pasukan. Lan menawa raja iku ala ndadekake alane kabeh pasukan.” (Atsar shahih: Saking ‘Abdurrazaq: al-Mushannaf)

Ngresiki ati punika kalebet saweneh saking ibadah ingkang agung. Ati ingkang resik saget mbeta kesaenan lan manfaat agung. Mekaten ugi ati ingkang reget dados penyebab nelangsa lan cilaka. Ngendika Allah:

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاها وَقَدْ خابَ مَنْ دَسَّاها

“Yekti begja temen wong kang ngresiki atine. Lan temen kapitunan marang wong kang ngregeti atine.” (As- Syams:9-10)

Islam sampun suka dawuh kados pundi menggah caranipun ngresiki ati.

Sepisan remen maos Al- Quran

Maos Al- Quran punika setunggal lampah kagem njagi ati saking sedaya rereget. Ngendika Allah:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُمْ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

“He para manungsa sanyata sira kabeh wus katekanan pepeling yaiku quran saka Pangeranira, dadi tamba kang marasake lelara kang ana ing ati, sarta dadi pituduh lan rahmat tumrap wong- wong kang pada iman.” (Yunus:57).

Ngendika Ibnu Taimiyah : “Al Qur’an iku obat kang mujarab tumrap ati. Al Qur’an pinangka obat ati saka penyakit syubhat lan syahwat.” (Majmu’ Al Fatawa)

Kaping kalih ngatah- ngatahi dzikir

Ngendika Allah :

أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ

“…Sira mangertia, kanthi dzikir ndadekake ati iku tenteram”. (Ar-Ra’d: 28).

Ngendika Aisyah Radhiyallahu anha:

كَانَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَذْكُرُ اللهَ عَلَى كُلِّ أَحْيَانِهِ

“Sanyata Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam iku tansah dzikir marang Allah ana ing kahanan apa wae”. (HR. Muslim: 373).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget mendet piwucal utama saking isra’ mi’raj inggih punika wajibipun ngresiki ati.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

(Sumber: Laman Materi Khutbah)

Contoh Khutbah 2

Mangayubagyo Isra’ Miraj

Khutbah 1

اَلْحَمْدُ لِلّهِ وَاسِعِ الْفَضْلِ وَالْاِحْسَانِ، وَمُضَاعِفِ الْحَسَنَاتِ لِذَوِي الْاِيْمَانِ وَالْاِحْسَانِ، اَلْغَنِيِّ الَّذِيْ لَمْ تَزَلْ سَحَائِبُ جُوْدِهِ تَسِحُّ الْخَيْرَاتِ كُلَّ وَقْتٍ وَأَوَانٍ،

أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ دَائِمُ الْمُلْكِ وَالسُّلْطَانِ، وَمُبْرِزُ كُلِّ مَنْ سِوَاهُ مِنَ الْعَدَمِ اِلَى الْوِجْدَانِ، عَالِمُ الظَّاهِرِ وَمَا انْطَوى عَلَيْهِ الْجَنَانُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخيْرَتُهُ مِنْ نَوْعِ الْاِنْسَانِ، نَبِيٌّ رَفَعَ اللهُ بِهِ الْحَقَّ حَتَّى اتَّضَحَ وَاسْتَبَانَ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ وَعَلى ألِهِ وَأَصْحَابِه أَهْلِ الصِّدْقِ وَالْجُوْدِ وَالْوَفَاءِ وَالْاِحْسَانِ. أَمَّا بَعْدُ، أَيُّهَا الْاِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ، بِامْتِثَالِ أَوَامِرِه وَاجْتِنَابِ نَوَاهِيْهِ. قَالَ اللهُ تَعَالى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَمَن يُعَظِّمْ شَعَائِرَ اللّهِ فَإِنَّهَا مِن تَقْوَى الْقُلُوبِ

Poro sederek Muslimin rahimakumullah

Monggo kita sedoyo samiyo tansah netepi takwa dumateng Allah wonten ing kawontenan kados menopo kemawon, wonten ing pundi kemawon lan kapan mawon. Kanti tetep tansah nuhoni dateng kewajiban lan printahipun Allah. Mekaten ugi nilar lan nebihi saking sedoya ingkang dipun awisi dening Allah.

Pangajab kito mugi kito tansah kaparingan pengayoman lan rahmat saking ngarso dalem Allah ta’ala. Amin.

Poro sederek Muslimin rahimakumullah

Sampun sesarengan kito maklumi bilih saben Rejeb dumugi kito umat Islam mboten saget nyupekaken prastowo ageng ingkang dumados wonten ing Rejeb ing zamanipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam. Inggih prastowo Isra’ Mi’raj junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam. Ingkang intinipun Allah kepareng nimbali sarono langsung dateng Kanjeng Nabi perlu paring wahyu perintah shalat fardlu. Saben Rejeb prastowo Isra’ Mi’raj dipun prengeti supados semangat kito tumandang ibadah ugi tansah dipun enggalaken soho dipun tingkataken, kanti tansah nyinaoni ilminipun soho totocoro shalat ingkang langkung sae.

Jalaran mboten sekedik antawis kito ingkang nindakaken shalat, nanging mboten kanti mangertosi ilmi-ilminipun, syarat rukunipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Pramilo manggo, samiyo purun nyinaoni ilmi peshalatan, mboten perlu lingsem.

Amergi shalat kito meniko milo tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kewalitas ibadah shalatipun. Amergi shalat kito kedah soyo sae, kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget nyawiji, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun tumandang shalat, nanging manahipun mboten nderek shalat, malah kluyuran kesah ngetutaken pengangen-angenipun. Sahinggo katingalipun tiyang shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab meniko Allah maringaken ancaman:

فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّيْنَۙ الَّذِيْنَ هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُوْنَۙ

“Saktemene Neroko Wail iku kanggo wongkang podo shalat, yaiku wong kang podo lali karo shalate.” (QS Al Ma’un: 4-5).

Pramilo kito ampun ngantos tumindak shalat, nanging nyatane supe dateng shalat ingkang dipun tindakaken. Mila wigatos nyinaoni kanti ngaos, dateng sukaraosipun waosan sak lebetipun shalat, supados menopo ingkang kito waos, kito ugi mangertos. Ing mongko shalat meniko minongk sokonipun agami. Kanjeng Nabi dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:

“Shalat iku minongko cagake agami, sapa wonge njejegake shalat, mongko ateges njejegake agami, lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku ngrubuhake agami.” (HR Muslim)

Poro sederek Muslimin rahimakumullah

Shalat ingkang dados intinipun perjalanan Isra’ lan Mi’raj milo kedah tansah kito jagi lan kito reksa, syukur saget katindakaken kanti jamaah, amergi langkung enteng tanggung jawab kito, ugi ganjaran dipun tikel-tikelaken dening Allah. Mugi kito kalebet kawulo ingkang nuhoni kewajiban shalat kanti ajeg lan sae, dipun ridlani Allah ta’ala.

بَارَكَ اللّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ.

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ، اِلهٌ لَمْ يَزَلْ عَلى كُلِّ شَيْءٍ وَكِيْلًا. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُه وَحَبِيْبُه وَخَلِيْلُهُ، أَكْرَمُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأخِرِيْنَ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمْعَةِ وَالْجَمَاعَةِ وَالصَّوْمِ وَجَمِيْعِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَالْوَاجِبَاتِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. إِنَّ اللّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلى ألِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلى ألِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِيْ العَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُركُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

(Sumber: buku NIDA-UL UMMAH karya H. Damanhuri)

Baca juga: 3 Contoh Khutbah tentang Isra Miraj yang Penuh Makna dan Hikmah

(RK)