Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa yang Sopan dan Menyentuh

Menyajikan informasi terkini, terbaru, dan terupdate mulai dari politik, bisnis, selebriti, lifestyle, dan masih banyak lagi.
·waktu baca 3 menit
Tulisan dari Berita Hari Ini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Momen halal bihalal menjadi waktu yang tepat untuk menyambung silaturahmi setelah perayaan Idulfitri. Di momen spesial ini, biasanya diselipkan ikrar halal bihalal sebagai bentuk permohonan maaf kepada sesama.
Banyak orang memilih menggunakan bahasa Jawa karena dinilai lebih personal, sopan, dan mencerminkan rasa hormat kepada yang lebih tua. Penggunaan bahasa ini umum dijumpai di kalangan masyarakat Jawa, baik di lingkungan keluarga, sekolah, maupun instansi resmi.
Bagi yang sedang mencari referensi ikrar halal bihalal bahasa Jawa, berikut disajikan beberapa contoh yang dapat digunakan sesuai kebutuhan masing-masing.
Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa
Dikutip dari buku Gati Wicara karya Suwardi Endraswara, berikut salah satu contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa yang biasa disampaikan oleh perwakilan peserta atau pihak yang lebih muda dalam sebuah acara.
Setelah ikrar disampaikan, umumnya akan dilanjutkan dengan balasan atau panampi ikrar yang disampaikan oleh pihak yang lebih tua atau dituakan sebagai tanda menerima permohonan maaf.
Assalamualaikum warohmatullohi wabarokaatuh
Nuwun keparenga, kanthi anoraga kula makili kanca-kanca wiranem, sepisan ngaturaken sembah sungkem katur para sepuh, sedherek sepuh, para wredha, saha sedaya ingkang kinurmatan.
Ingkang sepisan, kula saha para kadang ing dinten riyaya Idul Fitri 1447 H menika, ngaturaken sembah pangabekti dhumateng para sepuh, kinanthen atur: Taqabbalallahu minna wa minkum, ja’alana minal ‘aidin wal faizin.
Mugi-mugi sedaya kalepatan kula saha para kadang ingkang kajarag lan boten, ingkang wujud solah bawa lan muna-muni, saha ingkang taksih kasimpen wonten ing manah, nyuwun pangapunten ingkang saestu, mugi kersa paring pangaksama wonten ing dinten riyadi menika.
Salajengipun, kula saha para putra wayah nyuwun tambahing berkah saha donga pangestu, mugi-mugi sedaya gegayuhan saha pangajeng-ajeng kula saged kasembadan, pinaringan kaslametan, raharja, saha tebih saking sedaya rubeda.
Ingkang sapindah, mugi-mugi menapa ingkang kula jangka ing taun ngajeng tansah pikantuk ridhonipun Allah swt. Tambah sregep anggenipun ngibadah, mbiyantu dhumateng tiyang sepuh, saha ngugemi budi pekerti luhur.
Mangga sami ndedonga dhumateng gusti Alloh mugi sedaya amal kula panjenengan pikantuk ridhanipun lan swarga pinangka gantosipun ing delahan samangke. Aamiin
Makaten ingkang saged kula aturaken, manawi kathah sasar-susuring tembung, kulanyuwun dipunapunten awit sasar susur anggenipun matur.
Akhirul salam, billahi taufik wal hidayah wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Balasan Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa
Dikutip dari buku Pilih Wanci Kapan Muni karya Adhimas Suratman, bagian ini merupakan jawaban atau tanggapan atas ikrar yang telah disampaikan sebagai bentuk penerimaan permohonan maaf dalam acara halal bihalal.
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Para kadang ingkang sanget kula tresnani. Langkung rumiyin, kula ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT, awit ing dinten menika kula saha panjenengan sedaya saged makempal sesarengan wonten ing majelis menika. Mugi rahmat saha berkahipun Gusti tansah kasarira dhumateng kita sedaya.
Sepisan, atur panjenengan sedaya sampun kula tampi kanthi bingah, minangka wakilipun bapak ibu para pinisepuh. Kula ugi nyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi sedaya anak putu pinaringan kasarasan, nikmat iman, saha rejeki ingkang barokah.
Mila ing dinten menika, kula sampun ngapura sedaya kalepatan lan kaluputan panjenengan, ingkang sampun kapungkur, mugi saged lebur lan resik malih wonten ing dinten menika.
Salajengipun, gegayutan kaliyan panyuwunan donga pangestu kangge para putra wayah, kula ndedonga mugi panjenengan sedaya tansah pinaringan kasuksesan. Mugi tutug anggenipun sinau ngudi kawruh, marem lan ngrembaka gesangipun, lancar anggenipun nyambut damel, saha keturutan kabeh apa kang dadi sedyamu. Mugi ugi pinaringan kulawarga ingkang ayem tentrem lan kebak berkahipun Gusti Allah. Aamiin.
Semanten atur panampi ikrar ing dinten menika.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Baca Juga: 2 Sambutan Ketua RT dalam Acara Halal Bihalal Bahasa Jawa
(SA)
