Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 2: Dhop Lampu Bisa Nglayang

Penulis kumparan
·waktu baca 3 menit
Tulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

Memahami isi teks menjadi salah satu hal yang dipelajari dalam pelajaran bahasa Jawa. Hal inilah yang membuat banyak siswa bertanya tentang kunci jawaban bahasa Jawa kelas 9 halaman 2.
Pada halaman ini siswa diminta untuk memahami isi teks tentang lampu yang bisa melayang. Kunci jawaban bisa menjadi referensi atau bantuan ketika kesulitan dalam mengisi pertanyaan tersebut.
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 2
Dikutip dari buku Kirtya Basa Kanggo SMP/MTs Kelas IX oleh Sunardi, dkk, (2015), pada halaman ke 2, siswa diminta untuk mengisi pertanyaan dari teks berjudul Dhop Lampu Bisa Nglayang.
Sawijining ilmuwan saka New York, Simon Morris, nyiptakake dhop lampu kang unik. Dhop iki bisa nglayang lho. Saliyane iku, dhop lampu iki uga bisa murub suwene 22 taun. Wow, suwe banget ya. Apa ta rahasiane?
Dhop lampu kang dijenengi Flyte iki nglayang ing sadhuwure kayu pesagi. Geneya Flyte bisa nglayang? Pranyata Simon nyeleh magnet ing ngisore dhop kuwi. Dheweke uga nyeleh magnet ing njerone kayu kuwi. Kekarone magnet mau nduweni kutub kang padha. Mula kuwi, kekarone padha ’tolak-menolak’ saengga nyebabake Flyte nglayang.
Banjur, saka ngendi Flyte bisa murub? Tatakan kayu Flyte disambung menyang sumber listrik. Flyte oleh setrum mau saka tatakan kayu lumantar teknologi indhuksi. Teknologi indhuksi yakuwi proses owah-owahan energi mekanik dadi energi listrik tanpa kabel. Unike maneh, tatakan kayu iki bisa digunakake kanggo ngisi ulang baterai handphone lho. Canggih ta?
Sawise kokwaca sajroning batin, coba babarna pitakon ing ngisor iki!
Apa sing dirembug ing teks kasebut?
Coba sebutna tuladha teknologi sing lumrah koktemoni ing omahmu!
Coba sebutna gunane teknologi ing padinan?
Yen sliramu kasengsem karo tuladha ing dhuwur, praktekna ing omah karo kanca-kancamu, banjur nggawea laporan prasaja tumrap kegiatan sing wis koklakoni!
Adapun kunci jawaban bahasa Jawa kelas 9 halaman 2 yakni:
Ilmuwan saka New York, Simon Morris nyiptakake dhop lampu sek bisa ngalayang ing sandhuwure kayu pasegi kang jenengi Flyte.
Teknologi sing lumrah ditemoni ing umah koyoto handphone, TV, lampu, kulkas, lan rice cooker.
Teknologi bisa nggampangke kang sakdurunge ora biso dilakoni.
Kanggo gawe lampu kang biso ngalayang, butuhke lampu, kayu, lan loro magnet nduweni kutub kang podo.
Magnet sek siji dipasangke ono ing lampu lan sijine maneh diselehke ono ing kayu.
Tatakan kayu kang diwenehi magnet disambung manyang sumber listrik.
Lampu kang ngalayang kasebut bisa murub.
Ananging, yen dhop lampune dijupuk, lampune ora murup maneh.
Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 19
Itulah kunci jawaban bahasa Jawa kelas 9 halaman 2. Perlu diketahui, soal di atas bersifat terbuka dan memungkinkan jawaban setiap orang berbeda-beda. Namun, kunci jawaban di atas dapat digunakan sebagai referensi dalam mengisi pertanyaan tersebut.(MZM)
