Konten dari Pengguna

Teks Khutbah Jumat Muhammadiyah Bahasa Jawa Singkat

Berita Terkini
Penulis kumparan
11 Februari 2022 18:10 WIB
·
waktu baca 5 menit
clock
Diperbarui 5 Juli 2022 10:42 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tulisan dari Berita Terkini tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan
Ilustrasi jamaah shalat Jumat. Foto: unsplash.com/@ahmed5t
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi jamaah shalat Jumat. Foto: unsplash.com/@ahmed5t
ADVERTISEMENT
Sebagai seorang khatib shalat Jumat, mempersiapkan teks khutbah adalah hal yang perlu dilakukan. Berikut contoh teks khutbah Jumat Muhammadiyah bahasa Jawa secara singkat.
ADVERTISEMENT

Teks Khutbah Jumat Muhammadiyah

Khutbah merupakan kegiatan ceramah atau pidato yang dilaksanakan dalam rangkaian shalat Jumat. Dalam berkhutbah, khatib perlu memperhatikan dengan siapa ia berbicara. Jika ia jamaah Jumat dalam kesehariannya menggunakan bahasa Jawa, alangkah baiknya berkhutbah dengan bahasa Jawa. Selain bahasa, khatib juga perlu menentukan materi yang akan disampaikan.
Sebagai bahan referensi khatib dalam berkhutbah shalat Jumat, berikut contoh teks khutbah dalam bahasa Jawa dengan judul Ngrekso Lisan.
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ القُرأَنَ إِمَامًا، وجَعَلَ نَبِيِّنَا صَلَى اللهُ عَليْهِ وَسَلَّمَ أُسْوَةً حَسَنَةً، وَجَعَلَ دِيْنَ الإِسْلاَمِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْن، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَا اللهُ وأَشْهَدُ أَنَّ محمدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنِ اتَّبَعَهُمْ صِرَاطَ الْمُسْتَقِيْمِ
ADVERTISEMENT
أَمَّا بَعْدُ . فَيَا عِبَادَ الله أُصِيْكُمْ وَنَفْسِــيْ بِتَقْــوَى الله فَقَــدْ فَازَا الْمُتَّقُــــوْنَ.كَمَا قَال اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتابِهِ الكَرِيْم: أَعُوْذُ بِاللهِ منَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْم، يَا أيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ ولَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَاَنْتُم مُسْلِمُونَ. وَقَالَ أَيْضًا، يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوا اتَّقُوا االله وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِـــرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Jemaah salat jumat ingkang dimuliaken Allah
Monggo kito sedoyo sareng-sareng ningkataken takwa kito dateng Allah ta’ala kanti nglampahi punopo ingkang dados printahipun soho nebihi sedoyo ingkang dados cecegahanipun. Langkung-langkung kito sedoyo kedahipun anjagi pinten-pinten anggoto kito supados mboten nglampahi perkawis ingkang andadosake bendunipun Allah awit saking pucuking rambut ngantos delamakan suku kekalih. Sebab sedanten wau inggih nikmat ingkan kedah dipun syukuri kanti angginaaken minongko ngabekti soho nglampahi perkawis ingkang pinuji. Mboten nglampahi laku dhuroko soho laku ingkang ndadosaken rusaking dunyo. Kaum muslimin ingkang minulyo….
ADVERTISEMENT
Wonten khutbah puniko, kaulo badhe medhar sabdo magayutan pentingipun njagi anggoto ingkang tinerap wonten rogo kaulo panjenengan sedoyo supados nebihi maksiat, utaminipun anggoto ingkang manungso anggegampil soho gampil sanget mlesetaken manungso dateng jurang maksiat. Inggih tutuk utawi kawastanan lisan. Ananging kejawi perkawis kolo wahu, lisan puniko ugi saget andadosaken luhuring derajat menawi manungso kolo wahu saget anggenipun ngrekso.
Dawuhipun kanjeng nabi…
سُئِلَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَكْثَرَ مَا يُدْخِلُ الْجَنَّةَ قَالَ تَقْوَى اللهِ وَ حُسْنُ الْخُلُقِ قَالَ وَ مَا أَكْثَرَ مَا يَدْخُلُ الَّنارَ قَالَ الْأَجْوَفَانِ اَلْفَمُّ وَالْفَرْجُ
Artosipun: “Rasulullah dipun suwuni pirso,punopo perkawis ingkang katah manjingaken dateng suwargo? Rasulullah dawuh: taqwa marang gusti Allah lan pakerti kang bagus. Shohabat dawuh: punopo perkawis ingkang katah manjingaken dateng neroko?Rasulullah dawuh: bolongan loro kang yoiku cangkem lan farji.”
ADVERTISEMENT
Punopo lisan meniko sanget mbahayani tumpraping manungso dateng akhirat? Amargi lisan puniko gampil anggenipun tumindak ananging ewet utawi ngel dipun kendaleni. Maksiyat lisan puniko mboten rekaos ugi mboten mbetahaken katahing tenogo soho ragat. Pramilo saking meniko, bahaya lisan langkung ageng tinimbang anggotho lintunipun.
Ilustrasi shalat Jumat. Foto: unsplash.com/@bangyulian
Kaum Jumat ingkang dipun rahmati Allah
Maksiyat lisan puniko katah sanget ing antawisipun ghibah, tegesipun angrasani liyan kanti perkawis ingkang andadosaken mboten sekecho dateng penggalih menawi tiyang kolo wahu mireng ucapan kolo wahu. Kanti teges gusti Allah nyegah ghibah langkung langkung Allah swt. Ngibarataken bilih ghibah puniko kados dene mangan bathangipun sapodo. Allah swt. Dawuh…
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ, وَلَا تَجَسَّسُوْا وَ لَا يَغْتَب بَّعْضُكُمْ بَعْضًا أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَنْ يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ تَوَّابٌ رَحِيْمٌ
ADVERTISEMENT
“He… Piro-piro wong kang iman, ngedohono siro kabeh ing perkoro akeh songko penyono. Saktemene setengah saking penyononiku duso. Lan siro kabeh ojo niti-niti celone liyan lan setengah saking siro kabeh ojo ngrasani setengah saking liyan. Opo salah sijining siro kabeh demen mangan daging piro-piro sedulur siro kabeh hale rupo bathang? Mongko siro kabeh ngroso jijik kelawan perkoro mahu. Lan podo taqwaho siro kabeh marang Allah. Saktemene Allah iku dzat kang akeh anggone nrimo taubat serto dzat kang welas asih.” (QS. Al- Hujarat: 12)
Jemaah Jumat Ingkang Allah mulyakaken…
Ing zaman ingkang modern puniko, kito sedoyo kedah ngatos-atos angkenipun tumindak keranten maksiyat puniko sampun kaprah lan kadang kawis maksiyat puniko dipun tindaaken tanpo sadar. Conto ingkang gampil ingih katahipun ucapan ucapan ingkang mengku sesengitan, ngino ngino soho lintunipun ingkang dados wabah piranti elektronik utawi langkung kinaweruhan kanti aran media sosial. Wabah puniko katah ingkang anggegampil soho gampil kelampahan tumpraping menungso ngantos menungso kolo wahu kasupen bilih sedanten ingkang dipun lampahi puniko dipun catet dening malaikat. Pramilo kito sedoyo kedahipun ngugemi punopo ingkang sampun dipun dawuhaken kanjeng nabi SAW.
ADVERTISEMENT
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَالْيَوْمَ الْلآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ
Ingkang artosipun: “Sing sopo wonge iman marang Allah lan dino ahir, mongko ngucapo perkoro kang bagus utowo wong mahu becik meneng.”
اْلحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِميْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ والْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ فَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْئَلُكَ عِلْمًا نَفِعًا وَرِزْقًا وَاسِعًا وَعَمَلاً مُتَقَبَّلاً.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
(MZM)