Konten dari Pengguna

8 Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa beserta Pengertiannya

Kabar Harian

Kabar Harian

Menyajikan beragam informasi terbaru, terkini dan mengedukasi.

·waktu baca 8 menit

comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-circle
more-vertical

Tulisan dari Kabar Harian tidak mewakili pandangan dari redaksi kumparan

 Ilustrasi Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa, Foto Unsplash/Blaz Photo
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa, Foto Unsplash/Blaz Photo

Selain dalam mata pelajaran Bahasa Indonesia, teks narasi juga dipelajari dalam mata pelajaran Bahasa Jawa. Dalam mata pelajaran tersebut, teks narasi disebut dengan karangan critan.

Dikutip dari buku Bahasa Jawa XB oleh Eko Gunawan (2016: 56), pengertian dari teks narasi dalam bahasa Jawa adalah karangan atau teks yang menceritakan pengalaman hidup seseorang.

Teks narasi bertujuan agar bisa menggambarkan kenyataan hidup, cerita narasi biasanya menerangkan tempat, waktu, suasana, tingkah laku, urutan kejadian dan sebagainya.

Daftar isi

Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa

Ilustrasi Contoh Teks Narasi Bahasa Jawa, Foto Unsplash/Christin Hume

Inilah beberapa contoh teks narasi bahasa Jawa yang dapat digunakan siswa untuk memperdalam pemahaman tentang materi tersebut.

1. Kebakaran

Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.

Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu kebakar.

2. Kucing

Aku seneng banget karo kewan sing arane kucing. Ing omah aku duwe kucing sing banget daktresnani.

Kucingku dakjenengi Gareng. Sejatine Gareng iku dudu duweku, nanging dheweke ora sengaja ngenger ing omahku.

Biyen sadurunge ngenger, kucinge mlebu ing njero omahku. Omahku iku dodolan, pas ana wong tuku jenenge Pak Karom.

Omonge biyen Gareng iku kucinge anake Pak Karom. Tapi omonge Pak Karom, Gareng iku biyen mlayu saka omahe.

Mulane saiki malih ngalih ing omahku. Gareng iku kucing wedok rupane dhoreng-dhoreng.

Merga rupane dhoreng-dhoreng banjur dakjenengi Gareng. Kucinge iku ngguyokake tapi kereng. Amarga biyasane dakjaraki ora suwe malih nesu lan biyasane bisa nyakur.

Kucingku kuwi duwe anak siji lan ora suwe saka kuwi duwe anak maneh liwa.

Sakwise iku ora suwe anake sing lima mau mati kabeh merga disembur ula. Saiki anake Gareng mung ana siji cacahe anake gareng tak jenengi si Blek.

3. Kutha Kendhal

Jeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung liwang-liwung.

Sawijining dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe.

Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang. Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Kendhal.

Hari Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 taun.

Geografi (papan palemahan)-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang tani.

4. Telat Sekolah

Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng. Jam sepuluh, konsere wis bubar.

Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune. Bisa luwih iki. Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengen.

Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap. Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget.

Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi. PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.

Dhog...dhog...dhog….

Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh…. Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.

5. Alun-Alun Wonosobo

Dhek Minggu wingi, antarane jam 8 esuk aku mlaku-mlaku ing alun-alun Wonosobo. Olehku mlaku-mlaku bareng karo bapak, ibu, lan adhiku.

Alun-alun saiki wis beda karo dhisik. Dhisik durung rame kaya saiki. Saiki akeh wong-wong kang dodolan maneka werna kabutuhan.

Sing taktemoni wektu kuwi kayata bakul sandhangan, sandhal lan sepatu, maneka dolanan bocah, lan maneka panganan kang akeh jinise.

Sawise mlaku-mlaku saubengan, aku lan bapak ibu adhiku mampir ing bakul bubur ayam. Rampung sarapan bubur ibuku ngajak menyang bakul sandhangan, nanging aku ora gelem amarga aku pengin bali wae.

6. Situs Liyangan

Salah sijine tinggalan saka jaman kuna sing isih katutup lemah yaiku Situs Liyangan. Wiwit

sepisan ditemokake situs kuna kang mapan ing Temanggung iki akeh ndudut kawigatene para ilmuan saka njaba lan njero negara.

Jalaran situs iki dianggep mujudake salah siji situs struktur kutha jawa saka jaman Mataram Kuna kang paling jangkep.

Wis ora kaetung maneh temon-temon saka Situs Liyangan kang gawe cingake wong akeh. Lan durung suwe iki. Ana temon anyar saka Situs Liyangan sing gawe cingake wong akeh.

Temon iku wujud struktur wewangunan saka kayu. Saora-orane nganti kabar iki ditulis wis ana telung unit sisa struktur wewangunan saka kayu kang ditemokake para peneliti.

Salah siji temon iku ditemokake ing sanjabane area Candhi Liyangan kang mapan ing dusun Liyangan, Desa Purbasari, Kecamatan Ngadirejo, Temanggung.

Temon iki dhewe ditemokake sajroning penelitian kang ditindakake tanggal 18 Oktober-4 Nopember 2018 kepungkur.

Ing temon anyar kasebut. Tim peneliti kasil nemokake duk, pring, sarta kayu kang wis njilma dadi areng lan kondhisine wis gapuk.

Sisa wewangunan iku katutup material saka jeblugane Gunung Sindoro ing kisaran abad 11 M.

Manut saweneh dhata, gunung Sindoro diperkirakake nate njeblug kanthi gedhe ing kisaran abad 11 M.

Saliyane ngrusak dhaerah kang mapan ing sakiwa tengene. Jeblugane Gunung Sindoro iki diperkirakake kang ngurug laladan Liyangan kang wektu iku wis kasil njilma dadi salah siji kutha paling maju ing pulo Jawa.

7. Tugas Sekolah

Pas sekolah, guruku ngewehi tugas nggawe topeng. Tugas kuwi len nggawe kelompokan ing omah.

Sak kelompok bocahe ana ilma utawa enem. Kelompokku bocahe ana lima yaiku aku, Ridho, Rahmad, Nindy, lan Novel.

Anggenenggawe topeng ing omahku. Wektu iku dina kemis kanca-kancaku padha nglumpuk ing omahku.

Sawise nglumpuk kabeh banjur padha nggawe topeng. Bakal sing dienggo nggawe topeng iku akeh banget ana koran, glepung, kanji, cat banyu, plembungan, lan karet gelang. Lek pirantine ana gunting, cutter, lan kuas.

Sawise topenge dadi aku lan kanca-kancaku banjur dolanan. Aku karo kanca-kancaku dolanan delikan.

Sawise dolanan kanca-kancaku padha mulih, lan topenge dideleh ing omahku. Sesuke topenge dikumpulne.

Preinan Ing Borobudur

Dina preian wingi aku lunga menyang Borobudur karo Ibu, Bapak lan adik adikku. Borobudur rame banget, tapi kabeh pada manut karo aturan protokol kesehatan.

Aku uga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing Borobudur. Aku juga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing Borobudur.

8. Yuli Matur

Kaya adate, sawise padha ngrungokake keterangan bapak guru Sudarma, bocah-bocah padha nyatheti lan nggarap gladhen. Dina iku lagi padha sinau Basa Jawa.

Dumadakan Yuli kebelet nguyuh. Sejatine wis sawetara krasa nanging diampet wae.saiki wis ora bisa tahan meneh. Mula banjur ngadeg klambi lan roke ditata. Mlaku alon-alon menyang ngarep kelas, nyedhaki pak guru Sudarma. Yuli mandheg ngadeg jejeg tangan tumata ngapurancang, ulat sumeh.

Nuli matur marang pak Darma, nuwun sewu keparenga nyuwun pamit dhateng wingking sekedhap. Yuli matur alon, lirih nanging cetha karo awake dibungkukake sethithik. Bapak Sudarma manthuk lan ngendika “ya”.

Yuli mbungkuk sethithik mundur, banjur minger lunga menyang pakiwan. Ora nganti rong menit Yuli wis bali menyang kelas, mlaku alon lan patrape padha nalika nyuwun pamit mau. Yuli matur, Sampun Pak, matur nuwun. Bapak Sudarma manthuk lan ngendika ngucapke tembung padha-padha. Yuli banjur bali menyang palungguhan.

Kasebut iku tata kramane bocah sing ana njero kelas menawa kepeksa perlu metu. Nyuwun pamit luwih ndisik marang bapak guru sawise diparingi idin nembe lagi nindakake apa perlune. Yen wis rampung perlune nuli matur minangka caos lapuran lan ora lali ngaturake matur nuwun. Kabeh kang ditindakake murid mesti digatekake dening gurune, mula dadi murid iku kudu tansah kebaking unggah-ungguh lan tata karma.

Beberapa contoh teks narasi bahasa Jawa di atas dapat dijadikan sebagai referensi para siswa ketika mengerjakan tugas dari guru. (Ria)

Baca juga: 60 Kata Kerja Bahasa Jawa Ngoko Lengkap dengan Contoh Kalimatnya