Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.97.0
Konten Media Partner
Bakul Iwak Pitik Kepeksa Dodolan Barang Liya Merga Sepi Sing Tuku
14 April 2020 10:22 WIB
![Daging ayam yang dijual di pasaran. Foto: dok. Tugu Jogja.](https://blue.kumparan.com/image/upload/fl_progressive,fl_lossy,c_fill,q_auto:best,w_640/v1586834482/hvbcyjjltyhv5krecyme.jpg)
ADVERTISEMENT
Pengaruh wabah virus corona paling dirasakke karo para bakul ing pasar tradisional. Wiwit wabah corona mlebu ing Yogyakarta, rega iwak pitik anjlok. Mbiyen tau regane iwak pitik Rp 8.000 per kilo. Akeh warung mangan sing tutup marakake ora ana sing tuku iwak pitik.
ADVERTISEMENT
Surtini (49), bakul iwak pitik ing Pasar Kutu kandha, kudu dodol barang liya ben tetep isa entuk penghasilan. Saiki, Surtini karo anake dodolan masker sing dibutuhake masarakat.
“Iki ora mung aku dhewe mbak. Rencang kula nggih ngrasakake. Biasane sedina isa dodolan 10 kilo, iki ra isa. Yo piye mbak, kudu dodolan liyane. Iki karo putraku dodolan masker. Lumayan isa entuk seka kana ning yo ora akeh,” ujar Surtini, Slasa (14/4/2020).
Ora mung kuwi, Surtini kandha, yen saiki dheweke ora isa entuk pametu Rp 300.000 sedina kaya biasane. Saiki, dhweke mung isa entuk Rp 100.000 sedina wae. Diceritakake, sakdurunge ana virus corona, akeh sing tuku 5 kilonan.
“Sakdurunge corona kuwi sing tuku isa 5 kilo luwih. Lha wong dinggo warung mangan,” ujare.
ADVERTISEMENT
Surtini cerita, yen saiki pasar tradisional luwih sepi timbang biasane. Dheweke ngarep-arep, rega ayam isa mundhak normal, lan wabah isa rampung cepet.
Nasipe pada karo sing dirasake bakul pitik liyane. Watik, bakul iwak pitik ing Pasar Kranggan. Dodolane saiki sepi ora ana sing tuku merga virus corona. Untunge, anake dodolan salad lan panganan liyane.
“Iki lagi 2 kilo sing tuku. Ya disyukuri wae mbak. Rezeki wis diatur Gusti kok. Iki putra kula dodolan salad karo panganan kekinian, kula mboten ngertos jenenge. Ning nek mesen online ngono, kanggo Go-food. Isa mbantu sithik-sithik mbak,” ujare.
***
kumparanDerma membuka campaign crowdfunding untuk bantu pencegahan penyebaran corona virus. Yuk, bantu donasi sekarang!
ADVERTISEMENT