Gaib: Wong Ayu Kuwi Jebul Peri

Konten Media Partner
7 Maret 2019 9:33 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Ilustrasi peri. Foto: Istimewa
zoom-in-whitePerbesar
Ilustrasi peri. Foto: Istimewa
ADVERTISEMENT
Nalika tanggaku lagi nindakake jejibahan minangka warga masarakat kang urip ing desa yaiku giliran rondha, dumadakan dikagetake ana wong kang numpak motor mandheg ing omah suwung. Akeh wong kang ngerti menawa priya kang lungguh ing jok motor kuwi wis kurang luwih telung jam, nanging ora ana kang wani nyedhaki wedi yen nganggu.
ADVERTISEMENT
Nanging mas Hendri ora tega nyawang grimis-grimis kok tetep lungguh ing jok motor kamangka ing ngarep omah suwung kang wis kurang luwih 15 taun ditinggal keluwarga Abraham mapan ing Jakarta. Sasuwene ditinggal pancen sengaja disuwungake jalaran putrane keluwarga Abraham uga tugas ing Amerika lan Singapura lan omah kang ditinggal ora ana kang gelem manggoni jarene singup lan angker.
“Kok wiwit wau lenggah wonten ngriki, nengga sinten Mas?” pitakone pak Hendri nyedhaki priya kang isih dolanan HP-ne.
Priya mau banjur noleh marang arah suwara kang pitakone pancen kanggo dheweke, mula priya mau banjur wangsulan cekak, “Kula nengga piyantun putri ingkang nembe mawon blanja saking Malioboro, Pak.”
“Lho, menawi putranipun Pak Abraham menika kalih jaler sedaya. Kok wonten piyantun putri lajeng sinten nggih, kamangka sampun 15 taun griya menika suwung,” Pak Hendri nerangake marang priya kang katone pancen Go-Jek online.
ADVERTISEMENT
Priya mau kaya setengah ngomong dhewe, “Mula kok ditunggu suwe banget ora metu-metu, wadhuh…banjur sapa ya.” Priya mau banjur nerusake pitakone marang Pak Hendri, “Bapak, menapa wanita ayu kala wau sanes manungsa lumrah nggih, kula sampun tigang jam langkung nengga nanging dereng medal saking griya menika.”
Pak Hendri thukul rasa welase marang priya kasebut, “Sampun mas, mangga pinarak dhateng gubug kula rumiyin sampun dalu sanget lho. Kula boten tebih saking papan menika, ngidul atawis 200 meter sampun dumugi. Mangga, Mas.”
Priya mau banjur manut apa kang dingendikake Pak Hendri, wong loro boncengan tumuju daleme Pak Hendri. Sawise tekan papan kang dituju, wong saomah padha ngumpul lan ngrungokake apa kang dialami dening priya asli Sleman jenenge Rusdi. Bu Hendri lan putrane padha gumun, geneya ing jaman saiki ya isih ana wong kang diganggu dening makhluk gaib.
ADVERTISEMENT
Sawise Rusdi tenang lan bisa blaka marang apa kang dialami, dheweke pamitan arep bali. Keluwarga Hendri nyandhet supaya nginep wae jalaran wektune wis luwih jam 03.00 WIB, diprayogakake supaya sesuk yen wis padhang wae. “Wonten mergi mangke kathah rencangipun kok Pak, Bu, saestu kula nyuwun pamit. Maturnuwun sampun mitulungi kula, sanes wekdal kula sowan bapak saha ibu,” Rusdi menyat saka lungguhe lan pamitan.
Esuke banjur umyeg ana kabar menawa ing desane lagi wae ana kedadeyan nyalawadi, ana wong ayu kepengin numpak Go-Jek lan sapanunggalane. Nanging sing paling cetha lan nyata yaiku kang dialami dening Rusdi, nunggu nganti luwih 3 jam jebul sing ditunggu ora teka.
Pancen omah suwung kuwi wis dimangerteni dening warga ana kang nunggu yaiku wong ayu. “Sanajan ditunggu sedina sewengi ya ora bakal metu, lha wong ayu kuwi jebul Peri.
ADVERTISEMENT
Manut critane warga pancen akeh wong kang wis dingerteni menawa omah suwung kuwi ditunggu Peri, nanging ora gelem ngganggu tangga kang cedhak. Kang sering diganggu wong-wong kang adoh omahe lan wong-wong kang seneng ngalamun, pengalamane Rusdi kuwi dadi pepeling menawa liwat omah kuwi becike uluk salam supaya ora diganggu,” ngendikane Pak Hendri tandhes. (Tulisan ini bekerjasama dengan minggon basa jawa djakalodang.co.id)